Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 5:17-27 Kitab Sutji (JAV)

17. Wasana, marga saka bangeting drengkine, Imam Agung lan para pandhereke, yaiku wong-wong saka golongan Saduki, padha tumandang.

18. Para rasul padha dicepeng lan dilebetake ing pakunjaran kutha.

19. Nanging bareng bengi ana malaekate Pangeran kang ngengakake lawang-lawange pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, sarta ngandika:

20. “Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.”

21. Para rasul padha mbangun miturut marang piweling mau sarta bareng bangun esuk, padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjur wiwit memulang ana ing kono. Nalika samana Imam Agung lan para pandhereke dhawuh marang Pradata Agama supaya marepat, yaiku pakumpulane para pinituwaning bangsa Israel, sarta banjur dhawuh marani para rasul menyang ing pakunjaran.

22. Nanging bareng para abdi tekan ing pakunjaran, para rasul ora ketemu ana ing kono. Banjur padha bali ngaturi uninga,

23. ature: “Wau pakunjaran pinanggih taksih kuncen kekah, sarta sadaya tiyang jagi wonten ing papan panjagenipun ing ngajeng kori, nanging sareng kula wengakaken, ing nglebet pinanggih boten wonten tiyangipun satunggal-tunggala.”

24. Bareng lelurahe Padaleman Suci lan para pangareping imam krungu katrangan mangkono iku, padha kuwur atine, baya kapriye bakal kadadeane kang mangkono iku.

25. Nanging banjur ana wong teka kang pratela: “Kauningana, tiyang-tiyang ingkang sampun panjenengan lebetaken ing pakunjaran punika wonten ing Padaleman Suci memulang dhateng tiyang kathah.”

26. Lurah jagabaya lan para punggawane banjur padha menyang ing Padaleman Suci, nyepeng para rasul, nanging ora kanthi roda-peksa, jalaran wedi, manawa dibenturi watu wong akeh.

27. Karone diirid lan diajokake marang ing ngarsane Pradata Agama. Imam Agung nuli wiwit ndangu,

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 5