Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 5:13-29 Kitab Sutji (JAV)

13. Wong-wong liyane ora ana kang wani ngemori, nanging wong akeh padha banget anggone ngajeni marang para rasul.

14. Karodene cacahe wong kang padha pracaya marang Gusti saya wuwuh-wuwuh, lanang lan wadon,

15. malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang ing dalan gedhe, kaselehake ing amben utawa kasur, supaya manawa Rasul Petrus langkung, saora-orane katiban wayangane.

16. Dalah saka ing kutha-kutha ing sakubenging Yerusalem padha teka gumrudug nggawa wong kang padha lara utawa kang padha kabidhung ing roh reged. Kabeh padha kawaluyakake.

17. Wasana, marga saka bangeting drengkine, Imam Agung lan para pandhereke, yaiku wong-wong saka golongan Saduki, padha tumandang.

18. Para rasul padha dicepeng lan dilebetake ing pakunjaran kutha.

19. Nanging bareng bengi ana malaekate Pangeran kang ngengakake lawang-lawange pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, sarta ngandika:

20. “Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.”

21. Para rasul padha mbangun miturut marang piweling mau sarta bareng bangun esuk, padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjur wiwit memulang ana ing kono. Nalika samana Imam Agung lan para pandhereke dhawuh marang Pradata Agama supaya marepat, yaiku pakumpulane para pinituwaning bangsa Israel, sarta banjur dhawuh marani para rasul menyang ing pakunjaran.

22. Nanging bareng para abdi tekan ing pakunjaran, para rasul ora ketemu ana ing kono. Banjur padha bali ngaturi uninga,

23. ature: “Wau pakunjaran pinanggih taksih kuncen kekah, sarta sadaya tiyang jagi wonten ing papan panjagenipun ing ngajeng kori, nanging sareng kula wengakaken, ing nglebet pinanggih boten wonten tiyangipun satunggal-tunggala.”

24. Bareng lelurahe Padaleman Suci lan para pangareping imam krungu katrangan mangkono iku, padha kuwur atine, baya kapriye bakal kadadeane kang mangkono iku.

25. Nanging banjur ana wong teka kang pratela: “Kauningana, tiyang-tiyang ingkang sampun panjenengan lebetaken ing pakunjaran punika wonten ing Padaleman Suci memulang dhateng tiyang kathah.”

26. Lurah jagabaya lan para punggawane banjur padha menyang ing Padaleman Suci, nyepeng para rasul, nanging ora kanthi roda-peksa, jalaran wedi, manawa dibenturi watu wong akeh.

27. Karone diirid lan diajokake marang ing ngarsane Pradata Agama. Imam Agung nuli wiwit ndangu,

28. pangandikane: “Kowe rak wis padha dakwanti-wanti aja memulang atas Jeneng kuwi? Nanging nyatane, kutha Yerusalem wis kokkebaki piwulangmu, lan kowe sumedya nekakake walate getihe Wong iku marang aku.”

29. Rasul Petrus lan para rasul banjur padha mangsuli, ature: “Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 5