Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 3:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Punapa dene margi saking pitados dhateng Asma Yesus punika, mila Asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepang punika; sarta kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngarsa panjenengan sadaya.

17. Para sadherek, kula mangretos, bilih anggen panjenengan sami tumindak makaten punika, amargi saking kiranging pangretosan, sami kados para pangageng panjenengan sadaya.

18. Nanging kanthi patrap makaten Gusti Allah sampun kelampahan nuhoni punapa ingkang kala rumiyin kapangandikakaken lumantar para nabinipun, inggih punika bilih Sang Mesih ingkang kautus punika kedah nandhang sangsara.

19. Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,

20. supados Pangeran lajeng ndhatengaken mangsa ingkang ludhang saha ngutus Gusti Yesus, ingkang wiwit sakawit sampun katamtokaken dados Kristus kagem panjenengan sadaya.

21. Sang Kristus punika kedah wonten ing swarga ngantos dumugi ing titimangsa pulihipun samukawis sadaya, kadosdene ingkang sampun dipun pangandikakaken dening Gusti Allah lumantar para nabinipun ingkang suci nalika jaman rumiyin.

22. Rak sampun dipun pangandikakaken dening Nabi Musa: Gusti Allah bakal nangekake nabi saka ing antarane para sadulurmu, padha kayadene aku. Yaiku kang kudu kokrungokake apa kang bakal dipangandikakake marang kowe.

23. Sarta bakal kalakon, kabeh wong kang ora ngrungokake nabi iku, bakal katumpes saka ing antarane umat kita.

24. Punapa dene sadaya nabi ingkang nate nglairaken pangandika, wiwit Nabi Samuel saha sasampunipun panjenenganipun, sampun sami meca bab jaman punika.

25. Inggih panjenengan sadaya punika ingkang maris pameca-pameca punika saha angsal bagean tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah kalayan leluhur kita, inggih punika nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Rama Abraham: Marga saka turunira, kabeh bangsa salumahing bumi bakal kabarkahan.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 3