Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 27:9-24 Kitab Sutji (JAV)

9. Nalika samana wis akeh wektu kang muspra. Wektu puwasa wis kliwat lan manawa mbacutake anggonku padha lelayaran wis mbebayani. Awit saka iku Rasul Paulus nuli ngengetake marang wong kabeh, pangandikane:

10. “Para sadherek, saking pangraos kula, anggen kula sami lelayaran punika badhe manggih aral kathah saha badhe kapitunan ageng, boten namung baita samomotanipun kemawon, nanging dalasan gesang kita pisan.”

11. Ewadene opsir mau milaur ngandel marang juru-mudhi lan nangkoda tinimbang karo pangandikane Rasul Paulus.

12. Nanging sarehne palabuhan iku ora kapenak dilereni ing mangsa atis, mulane wong-wong mau kang akeh padha sarujuk, manawa mbacutake laku lan mbudidaya bisane tekan ing kutha Feniks sarta banjur leren ana ing kono sajrone mangsa atis iku. Kutha Feniks iku sawijining palabuhane pulo Kreta, kang adhepe ngidul ngulon lan ngalor ngulon.

13. Ing nalika iku ana angin sumilir saka ing kidul, mulane wong-wong padha ngira, yen sedyane mesthi bakal kaleksanan. Banjur padha mbedhol jangkar lan layar mlipir cedhak banget karo pulo Kreta.

14. Nanging ora antara suwe nuli ana prahara saka ing pulo iku, kang diarani angin “Lor-Wetan”.

15. Praune kabuncang lan ora bisa nahan tumempuhing angin. Mulane aku kabeh banjur pasrah lan ngeli bae.

16. Wasana aku padha kentir tekan ing pasisiring pulo cilik kang aran Kauda; ana ing kono kalawan rekasa anggonku padha bisa nggondheli sekocining kapal.

17. Bareng sekoci mau diunggahake ing kapal, wong-wong padha ngudi nulungi kapale srana digodhi. Sarehne sumelang manawa kapale bakal kandhas ing klabar Sirtis, layare nuli diudhunake lan banjur ngeli bae.

18. Sarehne banget naggonku padha katempuh ing prahara, mulane esuke wong-wong padha wiwit mbuwangi momotaning kapal menyang ing sagara.

19. Ing telung dinane padha mbuwangi pirantining kapal dhewe.

20. Bareng nganti sawatara dina srengenge utawa lintang-lintang ora katon sarta tansah kaancam ing angin prahara kang nggegirisi, aku kabeh wis ora duwe pangarep-arep yen bakal slamet.

21. Lan sarehne wong-wong wis suwe anggone padha ora mangan, Rasul Paulus tumuli jumeneng ana ing satengahe sarta ngandika: “Para sadherek, manawi sami ndhahar atur kula, supados boten mancal saking pulo Kreta, kita tamtu boten ngraosaken kasisahan saha boten kapitunan makaten punika!

22. Ewadene sapunika ing salebeting kasangsaran punika, keparenga kula ngaturi pamrayogi, sami kula aturi tatag kemawon ing salebeting panggalih, amargi panunggilan panjenengan satunggal kemawon boten wonten ingkang badhe tiwas, kajawi namung baitanipun.

23. Awit kala wau dalu wonten malaekating Allah, inggih punika Gusti Allah, ingkang kula sembah tuwin ingkang ndarbeni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula

24. sarta ngandika: “Aja wedi, Paulus! Kowe kudu sowan marang ing ngarsane Sang Nata Agung lan sanyatane marga sih-rahmating Allah, kabeh wong kang bebarengan karo kowe ana ing prau iki bakal padha slamet, marga saka kowe.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 27