Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 27:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Sarehne nampek angin, anggonku padha lelayaran saka ing kono mlipir ing pesisiring pulo Siprus,

5. banjur nrajang ing sagara ing sangareping tanah Kilikia lan Pamfilia, nuli padha tekan ing kutha Mira ing tanah Likia.

6. Ana ing kono opsir mrangguli kapal saka ing kutha Aleksandria, kang arep lelayaran menyang ing tanah Itali. Aku kabeh padha dielih mrono.

7. Nganti pirang-pirang dina anggonku padha lelayaran meh ora bisa maju, sarta kalawan rekasa banget anggonku padha bisa nyedhaki kutha Knidus. Sarehne angine terus bae ora becik, aku kabeh mlipir ing pasisire pulo Kreta, ngliwati tanjung Salmone.

8. Kalawan rekasa banget anggonku ngliwati tanjung mau, tumuli tekan ing panggonan, kang aran Palabuhan Becik, ing sacedhake kutha Lasea.

9. Nalika samana wis akeh wektu kang muspra. Wektu puwasa wis kliwat lan manawa mbacutake anggonku padha lelayaran wis mbebayani. Awit saka iku Rasul Paulus nuli ngengetake marang wong kabeh, pangandikane:

10. “Para sadherek, saking pangraos kula, anggen kula sami lelayaran punika badhe manggih aral kathah saha badhe kapitunan ageng, boten namung baita samomotanipun kemawon, nanging dalasan gesang kita pisan.”

11. Ewadene opsir mau milaur ngandel marang juru-mudhi lan nangkoda tinimbang karo pangandikane Rasul Paulus.

12. Nanging sarehne palabuhan iku ora kapenak dilereni ing mangsa atis, mulane wong-wong mau kang akeh padha sarujuk, manawa mbacutake laku lan mbudidaya bisane tekan ing kutha Feniks sarta banjur leren ana ing kono sajrone mangsa atis iku. Kutha Feniks iku sawijining palabuhane pulo Kreta, kang adhepe ngidul ngulon lan ngalor ngulon.

13. Ing nalika iku ana angin sumilir saka ing kidul, mulane wong-wong padha ngira, yen sedyane mesthi bakal kaleksanan. Banjur padha mbedhol jangkar lan layar mlipir cedhak banget karo pulo Kreta.

14. Nanging ora antara suwe nuli ana prahara saka ing pulo iku, kang diarani angin “Lor-Wetan”.

15. Praune kabuncang lan ora bisa nahan tumempuhing angin. Mulane aku kabeh banjur pasrah lan ngeli bae.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 27