Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 27:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng wis diputus, aku kabeh bakal lelayaran menyang ing tanah Itali, Rasul Paulus lan wong tahanan liyane sawatara dipasrahake marang sawijining opsir wadyabalane Sang Nata Agung, jenenge Yulius.

2. Aku padha nunggang kapal saka ing palabuhan Adramitium kang bakal layar menyang ing palabuhan-palabuhan ing sauruting pesisire tanah Asia, tumuli padha mangkat. Aristarkhus, wong Makedhonia saka ing kutha Tesalonika, mbarengi lakuku.

3. Esuke mampir ing kutha Sidon. Pangrengkuhe Yulius marang Rasul Paulus becik, mulane dililani nemoni para mitrane, supaya padha nyukupi kabutuhane.

4. Sarehne nampek angin, anggonku padha lelayaran saka ing kono mlipir ing pesisiring pulo Siprus,

5. banjur nrajang ing sagara ing sangareping tanah Kilikia lan Pamfilia, nuli padha tekan ing kutha Mira ing tanah Likia.

6. Ana ing kono opsir mrangguli kapal saka ing kutha Aleksandria, kang arep lelayaran menyang ing tanah Itali. Aku kabeh padha dielih mrono.

7. Nganti pirang-pirang dina anggonku padha lelayaran meh ora bisa maju, sarta kalawan rekasa banget anggonku padha bisa nyedhaki kutha Knidus. Sarehne angine terus bae ora becik, aku kabeh mlipir ing pasisire pulo Kreta, ngliwati tanjung Salmone.

8. Kalawan rekasa banget anggonku ngliwati tanjung mau, tumuli tekan ing panggonan, kang aran Palabuhan Becik, ing sacedhake kutha Lasea.

9. Nalika samana wis akeh wektu kang muspra. Wektu puwasa wis kliwat lan manawa mbacutake anggonku padha lelayaran wis mbebayani. Awit saka iku Rasul Paulus nuli ngengetake marang wong kabeh, pangandikane:

10. “Para sadherek, saking pangraos kula, anggen kula sami lelayaran punika badhe manggih aral kathah saha badhe kapitunan ageng, boten namung baita samomotanipun kemawon, nanging dalasan gesang kita pisan.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 27