Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 25:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. Nanging sareng tiyang-tiyang ingkang sami nggigat ngadeg ngupengi piyambakipun, sami boten ngajengaken gigatan bab pandamel awon, kados panginten kula.

19. Tiyang-tiyang wau namung sami padudon ing bab-bab ingkang gegayutan kaliyan agaminipun saha satunggalipun tiyang ingkang nama Yesus, ingkang sampun pejah, mangka Paulus mratelakaken, bilih Piyambakipun gesang.

20. Sarehning kula kewedan anggen kula mriksa prakawis ingkang kados makaten punika, kula lajeng naros piyambakipun, punapa purun dhateng Yerusalem, supados prakawisipun dipun adili wonten ing ngrika.

21. Nanging Paulus nginggahaken prakawisipun. Piyambakipun nyuwun, supados lestantun dipun tahan, ngantos prakawisipun kaputus dening Sang Nata Agung. Milanipun lajeng kula dhawuhaken, supados tiyang punika lestantun katahan ngantos saged kula sowanaken dhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung.”

22. Sang Prabu Agripa ngandika marang Sang Festus: “Kula kapengin mirengaken paturanipun tiyang punika piyambak.” Atur wangsulane Sang Festus: “Benjing-enjing panjenengan badhe mindhangetaken.”

23. Esuke Sang Prabu Agripa lan Sang Putri Bernike padha rawuh kalayan upacara kaprabon sarta bareng wis lumebet ing gedhong pangadilan bebarengan karo para panggedhening wadya-bala lan para panggedhe ing kono, Sang Festus banjur dhawuh, supaya Rasul Paulus disowanake.

24. Sang Festus nuli ngandika: “Sang Prabu Agripa saha para priyagung ingkang sami lenggah ing ngriki sesarengan kaliyan kula sadaya. Sami kula aturi mirsani tiyang punika, ingkang dipun gigat dening sadaya tiyang Yahudi, wonten ing Yerusalem saha wonten ing ngriki. Punika sadaya sami ndhatengi kula saha sami pratela kaliyan bengok-bengok, bilih tiyang punika boten pantes gesang langkung dangu malih.

25. Nanging tumrap kula sampun cetha, bilih piyambakipun boten nglampahi ingkang kenging ing paukuman pejah sarta sarehning tiyang punika nyuwun minggah ing pangadilanipun Sang Nata Agung, mila kula lajeng mutus badhe kula sowanaken ing ngarsanipun Sang Nata Agung.

26. Namung kemawon boten wonten punapa-punapa ingkang gumathok, ingkang kedah kula aturaken ing serat ing ngarsanipun Sang Nata Agung bab tiyang punika. Inggih punika sababipun mila lajeng kula ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan, Sang Prabu Agripa, supados sasampunipun kapriksa lajeng wontena punapa-punapa ingkang saged kula serat.

27. Amargi pamanggih kula, boten prayogi nyowanaken tiyang tahanan boten dipun kantheni gigatan ingkang dipun ajengaken tumrap tiyang wau.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 25