Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 24:1-17 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng wis limang dina Imam Agung Ananias rawuh bebarengan karo pinituwa lan juru ngemban prakara, jenenge Tertulus. Iku padha sowan ing ngarsane walinagara sarta ngaturake pandakwane marang Rasul Paulus.

2. Rasul Paulus ditimbali maju, dene Tertulus banjur wiwit ngaturake panggugate, unjuke: “Dhuh, Sang Minulya Feliks, margi saking pambudi-daya panjenengan kula sadaya tansah ngraosaken karaharjan saha jalaran saking kawicaksanan panjenengan, kathah sanget ewah-ewahan ingkang sae ingkang tumindak kangge bangsa kula.

3. Bab punika sadaya wontena ing pundi kemawon tansah kula tampi kalayan genging panuwun.

4. Nanging supados sampun ngantos kadangon anggen kula ngribedi dhumateng panjenengan, kula nyuwun, mugi panjenengan karsaa midhangetaken atur kula sakedhap kemawon kalayan panggalih panjenengan ingkang sampun misuwur kaluberanipun punika.

5. Menggah ing kula sadaya sampun tetela, bilih tiyang punika dados penyakit pes, tiyang ingkang nuwuhaken karuwedan wonten ing satengahing tiyang Yahudi sajagad, saha bilih piyambakipun punika satunggaling pangajengipun golongan tiyang Nasarani.

6. Malah sampun nyobi ngrisak kasucening Padaleman Suci. Awit saking punika lajeng kula cepeng saha badhe kula adili manut angger-anggering Toret kula.

7. Nanging pangageng prajurit Lisias lajeng rawuh nyegah saha ngrebat piyambakipun kanthi roda-peksa,

8. sarta dhawuh, supados sadaya tiyang ingkang ndakwa sami sowan ing ngarsa panjenengan. Wondene manawi panjenengan mriksa piyambak, tamtu badhe nguningani sadaya prakawis ingkang kula gigataken punika.”

9. Lan wong-wong Yahudi iya padha nyarujuki pandakwa iku lan matur, yen pancen dhasar mangkono.

10. Sang Walinagara banjur paring sasmita marang Rasul Paulus, yen wis diparengake ngaturake panjawab. Rasul Paulus banjur matur: “Kula sumerep, bilih sampun taun-mataun anggen panjenengan ngasta pangadilan tumrap bangsa punika. Milanipun tanpa raos mangu-mangu anggen kula badhe ngaturaken panjawab tumrap prakawis punika wonten ing ngarsa panjenengan:

11. Panjenengan saged nguningani, bilih boten langkung saking kalih welas dinten ingkang kapengker punika anggen kula dhateng ing kitha Yerusalem prelu nindakaken pangibadah.

12. Boten nate wonten tiyang ingkang nyumerepi kula saweg dredah utawi ngawontenaken pageger, punapa wonten ing Padaleman Suci, punapa wonten ing papan pangibadah utawi wonten ing panggenan sanes ing salebeting kitha punika.

13. Saha tiyang-tiyang punika boten saged mbuktekaken wonten ing ngarsa panjenengan, punapa ingkang sapunika kagigataken tumrap kula punika.

14. Namung kemawon kula ngakeni wonten ing ngarsa panjenengan, bilih kula ngabekti dhateng Allahipun leluhur kula kalayan ngenut Margining Pangeran punika, inggih punika Margi ingkang dipun wastani sekte dening tiyang-tiyang punika. Kula ngugemi sadaya ingkang kaserat ing angger-anggering Toret saha ing kitabipun para nabi.

15. Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, sami ugi kaliyan tiyang-tiyang punika, bilih badhe wonten patangenipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.

16. Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa.

17. Sareng sampun sawatawis taun dangunipun, kula wangsul dhateng Yerusalem prelu badhe nyukani dana dhateng bangsa kula saha saos pisungsung.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 24