Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 23:20-29 Kitab Sutji (JAV)

20. Wangsulane: “Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhe nyuwun dhateng panjenengan, supados benjing-enjing panjenengan ngladosaken Bapak Paulus malih dhateng ing ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kapengin angsal katrangan ingkang langkung taliti saking piyambakipun.

21. Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang smapun mirantos badhe nyegat piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalawan nyupaosi badanipun piyambak boten badhe nedha saha ngombe saderengipun mejahi piyambakipun. Sapunika sampun sami mirantos, kantun ngentosi putusan panjenengan.”

22. Panggedhe prajurit banjur dhawuh marang bocah anom mau supaya mulih kalawan dipangandikani mangkene: “Kowe aja kandha-kandha marang sapa-sapa, yen kowe wis nglapurake bab iki marang aku.”

23. Sawuse mangkono panggedhe prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkene: “Cawisna prajurit rong atus kang bakal menyang ing Kaisarea karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang asikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki.

24. Cawisna uga kuldi tunggangan sawatara kanggo Paulus, iku sowanna marang ngarsane Sang Walinagara Feliks.”

25. Nuli damel serat, kang surasane mangkene:

26. “Sembah kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Ingkang Minulya Sang Walinagara Feliks.

27. Tiyang punika dipun cepeng dening tiyang-tiyang Yahudi. Sareng badhe dipun pejahi, kula lajeng dhateng kalayan mbekta wadya-bala prelu menggak saha ngluwari piyambakipun, awit kula mireng, bilih tiyang punika warganagari Rum.

28. Amrih sagedipun nyumerepi punapa sabab-sababing pandakwanipun dhateng tiyang wau, lajeng kula ladosaken dhateng Pradataning Agaminipun.

29. Tumrap kula lajeng sampun cetha, bilih pandawanipun punika gegayutan kaliyan angger-anggering Toretipun tiyang-tiyang wau, namung kemawon boten wonten pandakwa ingkang njalari kenging paukuman pejah utawi kedah kalebetaken ing pakunjaran.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 23