Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 21:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Nanging bareng wis kliwat wektune, aku banjur padha mangkat mbanjurake lakuku. Para siswa saanak bojone padha nguntapake aku nganti tekan ing jaban kutha; ana ing gisik aku padha jengkeng ndedonga.

6. Sawise pamitan aku padha munggah ing prau, dene wong-wong mau kabeh padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe.

7. Saka ing kutha Tirus aku padha menyang ing kutha Ptolemais, nuli padha mentas. Aku banjur padha sesalaman karo para sadulur sarta lereb sadina ana ing panggonane.

8. Esuke aku padha mangkat saka ing kono lan banjur tekan ing kutha Kaisarea, njujug ing daleme Sang Filipus, juru-Injil, yaiku panunggalane kang pitu, kang kapilih ana ing Yerusalem. Aku padha nginep ana ing kono.

9. Sang Filipus iku kagungan putra estri papat, isih prawan, kang padha ginanjar bisa medhar wangsit.

10. Sawise lereb sawatara dina ana ing kono, ana sawijining nabi kang rawuh saka ing tanah Yudea, asmane Nabi Agabus.

11. Iku manggihi aku kabeh, banjur mundhut ageme peningset Rasul Paulus, diagem nangsuli sampeyane lan astane piyambak kalawan ngandika: “Pangandikane Sang Roh Suci: Kang kagungan paningset iki bakal kabesta mangkene iki dening wong-wong Yahudi ing Yerusalem sarta bakal kapasrahake marang tangane bangsa-bangsa liya.”

12. Krungu kang mangkono iku aku kabeh dalasan para siswa ing panggonan kono banjur padha matur marang Rasul Paulus, supaya aja tindak menyang ing Yerusalem.

13. Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”

14. Sarehne ora karsa ndhahar aturku kabeh, aku iya banjur mung sumarah sarta ngucap: “Karsane Pangeran muga kalampahana!”

15. Bareng ana ing kutha Kaisarea wis sawatara dina, aku nuli padha tata-tata sarta banjur mangkat menyang Yerusalem.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 21