Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 21:30-39 Kitab Sutji (JAV)

30. Wong sakutha kabeh padha geger, wong akeh padha teka kumrubut lan banjur nyekel Rasul Paulus, diseret metu saka ing Padaleman Suci sarta sanalika iku uga lawanging Padaleman Suci padha diinebake.

31. Nalika wong-wong mau padha ngrancang arep nyedani panjenengane, panggedhening wadya-bala mireng kabar, yen wong sakutha Yerusalem padha geger.

32. Iku banjur ngajak wadya-balane dalasan opsir-opsire marani wong akeh mau. Bareng wong-wong padha nyumurupi rawuhe panggedhe sawadya-balane iku, banjur leren anggone nggebugi Rasul Paulus.

33. Panggedhe mau nyelaki Rasul Paulus, kang banjur dicepeng sarta dibesta nganggo rante rangkep loro tuwin ndangu, sapa panjenengane iku lan apa kang ditindakake.

34. Nanging wong akeh iku ana kang nguwuh mangkene ana kang mangkono. Sarehne marga saka gegere wong, panggedhe mau ora bisa mangretos apa kang sabenere kalakon, mulane banjur dhawuh nggawa Rasul Paulus menyang ing beteng.

35. Bareng tekan ing undhak-undhakan, Rasul Paulus kapeksa diusung dening para prajurit, marga saka akehe wong kang ngebyuk sek-sekan,

36. gumrudug nututi karo nguwuh-uwuh: “Kasirnakna tiyang punika!”

37. Nalika Rasul Paulus arep digawa lumebu menyang ing beteng, panjenengane matur marang panggedhening prajurit mau: “Punapa kepareng matur dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Kowe kok bisa basa Yunani!

38. Dadi kowe iku dudu wong Mesir, kang durung suwe iki nuwuhake pambrontakan lan mlayokake brandhal patang ewu kang asikep gegaman, menyang ing ara-ara-samun?”

39. Wangsulane Rasul Paulus: “Kula punika tiyang Yahudi, saking Tarsus, warga kitha ingkang misuwur ing tanah Kilikia. Kula nyuwun kalilana wicanten dhateng tiyang kathah punika.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 21