Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 21:15-28 Kitab Sutji (JAV)

15. Bareng ana ing kutha Kaisarea wis sawatara dina, aku nuli padha tata-tata sarta banjur mangkat menyang Yerusalem.

16. Para siswa ing Kaisarea iya ana sawatara kang padha melu, ngeterake aku kabeh menyang ing omahe sawijining siswa lawas kang aran Manason, wong saka ing Siprus, kang bakal dakpondhoki.

17. Nalika aku padha teka ing Yerusalem, kabeh sadulur nampani aku kalawan bungahing ati.

18. Esuke Rasul Paulus tindak bebarengan karo aku menyang ing daleme Sang Pinisepuh Yakobus; kabeh para pinituwa wis padha ana ing kono.

19. Sawise sesalaman, Rasul Paulus banjur nyaritakake kalawan wijang apa kang wus katindakake dening Allah ana ing antarane bangsa-bangsa liya sarana pangabdine.

20. Krungu kang mangkono iku, kabeh padha ngluhurake Gusti Allah. Banjur padha matur marang Rasul Paulus: “Sadherek, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi ewon ingkang sampun sami manjing pitados saha sami sregep nabereni ing angger-angger.

21. Ananging tiyang-tiyang wau sami mireng pawartos bab panjenengan mulang dhateng sadaya tiyang Yahudi ingkang sami manggen ing satengahing bangsa-bangsa sanes, supados sami nilar angger-anggeripun Nabi Musa, sami panjenengan penging sampun ngantos netaki anak-anakipun tuwin manut tata-cara kita.

22. Mila lajeng kadospundi sapunika? Tamtu sami badhe mireng bilih panjenengan sampun rawuh mriki.

23. Awit saking punika, sumangga kula aturi nindakaken ingkang kula aturaken punika: Ing antawis kita wonten tiyang sakawan ingkang sami gadhah nadar.

24. Punika kula aturi ngajak sesarengan sesuci, sarta kula aturi nyanggi wragadipun, supados sami saged cukur rambut. Margi saking makaten, tiyang sami badhe saged sumerep, bilih sadaya pawartos bab panjenengan ingkang sami dipun pireng punika boten nyata babar pisan saha bilih panjenengan lestantun netepi angger-anggering Toret.

25. Wondene bangsa-bangsa sanes, ingkang sampun sami manjing pitados, punika sampun sami kula kintuni serat, ingkang isi putusan kita, inggih punika: bilih kedah sami nyirik tetedhan, sesajening brahala, rah, daginging kewan tetakan, punapa dene lampah jina.”

26. Ing dina candhake Rasul Paulus banjur ngajak wong-wong mau lan sawise sesuci bebarenga, nuli padha lumebu ing Padaleman Suci sarta pratela, yen pundhate dina pasucene iku besuk samasa kurbane sawiji-wijine wus kasaosake.

27. Nalika ngarepake pundhate pitung dinane, wong-wong Yahudi kang teka saka ing tanah Asia padha weruh Rasul Paulus ana ing Padaleman Suci, banjur nggegerake rakyat lan nyekel panjenengane,

28. karo nguwuh-uwuh: “He, wong-wong Israel, tulung! Iki wonge sing ana ing ngendi-endi mulang marang wong-wong supaya nglawan bangsa kita lan angger-anggering Toret sarta panggonan iki! Lan saikine dheweke ngajak wong-wong Yunani lumebu ing Padaleman Suci lan najisake panggonan suci iki!”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 21