Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 20:31-38 Kitab Sutji (JAV)

31. Mulane sing padha waspada lan padha eling-elingen, yen aku telung taun lawase, anggonku rina wengi ora kendhat-kendhat kalawan luh mituturi marang kowe dhewe-dhewe.

32. Dene saiki kowe padha dakpasrahake marang Gusti lan pangandikaning sih-rahmate, kang kuwasa mbangun kowe lan ngganjar marang kowe bagean kang katamtokake tumrap kabeh wong kang wis kasucekake dening Panjenengane.

33. Salaka utawa emas utawa sandhangan, aku ora tau kepengin, saka sapa bae.

34. Kowe dhewe padha sumurup, yen kalawan tanganku dhewe anggonku nyambut-gawe amrih bisane oleh apa kang dadi kabutuhanku sarta kabutuhane para kang padha melu aku.

35. Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.

36. Sawuse ngandika mangkono Rasul Paulus banjur jengkeng lan ndedonga bebarengan karo wong-wong mau kabeh.

37. Wong kabeh padha nangis senggruk-senggruk lan banjur padha ngrangkul Rasul Paulus kalawan ngambungi bola-bali.

38. Kabeh padha susah apa maneh marga ana pangandikane, yen bakal padha ora sumurup marang pasuryane maneh. Nuli padha nguntapake panjenengane menyang ing prau.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 20