Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 20:24-35 Kitab Sutji (JAV)

24. Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.

25. Apadene saiki aku sumurup, yen kowe bakal padha ora weruh aku maneh, kowe kabeh kang wus padha dakparani dakwartani bab Kratoning Allah.

26. Mulane ing dina iki aku pratela marang kowe kalawan temen-temen, manawa aku resik, ora kaluputan marang sapa bae kang bakal nemu karusakan.

27. Sabab aku ora nglirwakake ing bab martakake karsaning Allah kabeh marang kowe.

28. Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak

29. Aku sumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowe lan kang ora ngeman marang pepanthan mau.

30. Malah saka ing antaramu bakal ana wong kang padha muncul lan mulangake bab kang sulaya, pamurihe supaya bisa nggendeng para siswa saka ing dalan kang bener tuwin banjur padha ngenut marang wong-wong mau.

31. Mulane sing padha waspada lan padha eling-elingen, yen aku telung taun lawase, anggonku rina wengi ora kendhat-kendhat kalawan luh mituturi marang kowe dhewe-dhewe.

32. Dene saiki kowe padha dakpasrahake marang Gusti lan pangandikaning sih-rahmate, kang kuwasa mbangun kowe lan ngganjar marang kowe bagean kang katamtokake tumrap kabeh wong kang wis kasucekake dening Panjenengane.

33. Salaka utawa emas utawa sandhangan, aku ora tau kepengin, saka sapa bae.

34. Kowe dhewe padha sumurup, yen kalawan tanganku dhewe anggonku nyambut-gawe amrih bisane oleh apa kang dadi kabutuhanku sarta kabutuhane para kang padha melu aku.

35. Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 20