Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 19:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Apolos isih ana ing Korinta, Rasul Paulus wis ndlajahi tanah-tanah pagunungan lan rawuh ing kutha Efesus. Ana ing kono panjenengane ketemu karo siswa sawatara.

2. Iku padha dipangandikani mangkene: “Punapa panjenengan sampun sami nampeni Sang Roh Suci, nalika sami manjing pitados?” Nanging banjur padha matur: “Dereng, malah kula dereng nate sami mireng, bilih Sang Roh Suci punika wonten.”

3. Rasul Paulus nuli ndangu: “Manawi makaten, panjenengan sami kabaptis ngangge baptis punapa?” Atur wangsulane: “Ngangge baptisipun Nabi Yokanan.”

4. Pangandikane Rasul Paulus: “Nabi Yokanan punika anggenipun mbaptis ngangge baptising pamratobat, sarta lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun ngantuni, inggih punika Gusti Yesus.”

5. Nalika padha krungu bab iku, banjur padha kabaptis ing asmane Gusti Yesus.

6. Lan nalika Rasul Paulus numpangi asta wong-wong mau, banjur padha katedhakan Sang Roh Suci sarta padha wiwit calathu nganggo basa warna-warna tuwin padha medhar wangsit.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 19