Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 19:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Apolos isih ana ing Korinta, Rasul Paulus wis ndlajahi tanah-tanah pagunungan lan rawuh ing kutha Efesus. Ana ing kono panjenengane ketemu karo siswa sawatara.

2. Iku padha dipangandikani mangkene: “Punapa panjenengan sampun sami nampeni Sang Roh Suci, nalika sami manjing pitados?” Nanging banjur padha matur: “Dereng, malah kula dereng nate sami mireng, bilih Sang Roh Suci punika wonten.”

3. Rasul Paulus nuli ndangu: “Manawi makaten, panjenengan sami kabaptis ngangge baptis punapa?” Atur wangsulane: “Ngangge baptisipun Nabi Yokanan.”

4. Pangandikane Rasul Paulus: “Nabi Yokanan punika anggenipun mbaptis ngangge baptising pamratobat, sarta lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun ngantuni, inggih punika Gusti Yesus.”

5. Nalika padha krungu bab iku, banjur padha kabaptis ing asmane Gusti Yesus.

6. Lan nalika Rasul Paulus numpangi asta wong-wong mau, banjur padha katedhakan Sang Roh Suci sarta padha wiwit calathu nganggo basa warna-warna tuwin padha medhar wangsit.

7. Wong-wong mau gunggunge kira-kira ana rolas.

8. Sajroning telung sasi Rasul Paulus rawuh ing papan pangibadah lan memulang kanthi tatag; sarana pirembagan-pirembagan mbudi-daya supaya padha kadunungan kayakinan bab Kratoning Allah.

9. Ananging bareng ana sawatara kang puguh lan tetep ora gelem diyakinake, malah ngala-ala Margining Pangeran ana ing ngarepe wong akeh, Rasul Paulus banjur nilar wong-wong mau, para siswane dipisah saka ing kono, sarta ing saben dinane memulang ana ing papan kuliyahe Tiranus.

10. Bab iki ditindakake rong taun lawase, temahan wong saisining tanah Asia kabeh padha ngrungokake pangandikane Gusti, wonga Yahudi, wonga Yunani.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 19