Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 10:40-48 Kitab Sutji (JAV)

40. Ing tigang dintenipun Gusti Yesus punika dipun wungokaken dening Gusti Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal,

41. boten dhateng tiyang sabangsa sadaya, nanging dhateng para seksi, ingkang saderengipun sampun tinuding dening Gusti Allah, inggih punika dhateng kula sadaya ingkang sampun ndherek nedha lan ngombe kaliyan Panjenenganipun, sasampunipun Panjenenganipun wungu saking antawisipun tiyang pejah.

42. Punapadene Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.

43. Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun sekseni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhe tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun.”

44. Nalika Rasul Petrus lagi ngandika mangkono iku, kabeh wong kang ngrungokake pangandika padha katedhakan ing Roh Suci.

45. Kabeh wong pracaya saka golongan tetakan kang ndherekake Rasul Petrus, padha kaeraman, jalaran padha sumurup, yen peparing Roh Suci iku uga kaganjarake marang bangsa-bangsa liya;

46. amarga padha krungu anggone wong-wong mau banjur padha calathu nganggo basa warna-warna lan ngluhurake Gusti Allah. Rasul Petrus banjur ngandika:

47. “Apa ana wong kang bisa ngalang-alangi wong-wong iki padha dibaptisi nganggo banyu, wong wis padha tampa Roh Suci kayadene kita?”

48. Banjur dhawuh, supaya wong-wong mau padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus Kristus. Sawise iku nuli padha nyuwun, supaya Rasul Petrus lereb ana ing kono sawatara dina.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 10