Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 10:23-32 Kitab Sutji (JAV)

23. Wong-wong mau banjur didhawuhi nginep ana ing kono.Esuke sawise wungu Rasul Petrus tumuli tindak bebarengan karo wong-wong mau sarta ana wong ing Yope sawatara kang ndherekake.

24. Esuke maneh tindake wis rawuh ing Kaisarea, Kornelius wus ngenteni lan wus ngulemi sanak sadulure lan para mitrane.

25. Bareng Rasul Petrus lumebet ing omah, Kornelius methuk kambi sumungkem ing ngarsane sarta sujud.

26. Nanging diadegake dening Rasul Petrus kalawan dipangandikani: “Kula aturi jumeneng, kula punika namung manungsa limrah.”

27. Rasul Petrus nuli lumebet kalawan ngandikan karo Kornelius, banjur kapanggih lan wong akeh kang wis padha nglumpuk.

28. Tumuli padha dipangandikani mangkene: “Panjenengan sadaya sami mangretos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawungan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Gusti Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula boten dipun parengaken mastani tiyang najis utawi boten resik.

29. Inggih punika sababipun kula lajeng boten kawratan mriki. Ingkang punika kula kapengin sumerep, punapa sababipun dene kula panjenengan dhatengaken?”

30. Ature Kornelius: “Sakawan dinten kapengker ing wekdal kinten-kinten sami kaliyan sapunika, inggih punika jam tiga siyang, kula saweg ndedonga wonten ing griya.

31. Dumadakan wonten satunggaling priya jumeneng ing ngajeng kula, pangagemanipun gumilap ingkang lajeng ngandika: Kornelius, pandongamu wis dipiyarsakake dening Gusti Allah lan sedhekahmu wis kaengetan ana ing ngarsaning Allah.

32. Mulane kongkonana wong menyang ing Yope methuk Simon kang peparab Petrus, kang lagi mondhok ing omahe Simon, tukang samak, ing pinggir sagara.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 10