Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 10:16-26 Kitab Sutji (JAV)

16. Bab iku nganti kalakon kaping telu lan sawise iku lawon mau banjur kaunggahake marang ing langit maneh.

17. Nalika Rasul Petrus lagi kodheng ing bab maknaning wahyu, kang mentas ditampeni mau, wong-wong kang dikongkon dening Kornelius, sawise takon-takon bab dalem pamondhokane Rasul Petrus, wis ana ing ngarep regol,

18. sarta banjur nyeluk sawijining wong lan takon, apa Rama Simon kang apeparab Petrus lereb ana ing kono.

19. Nalika Rasul Petrus isih nggalih bab wahyu mau, banjur dipangandikani dening Roh: “Lah ana wong loro nggoleki sira,

20. mulane ngadega, mudhuna lan mangkata bebarengan karo wong-wong iku, aja mangu-mangu, sabab Ingsun kang ngutus mrene.”

21. Rasul Petrus banjur mandhap sarta ngandika marang wong-wong mau: “Iya aku iki kang kokgoleki; apa karepmu mrene?”

22. Atur wangsulane: “Kornelius satunggaling opsir ingkang manahipun mursid saha ngabekti dhateng Gusti Allah punapadene ingkang sampun kondhang sae wonten ing antawisipun bangsa Yahudi sadaya, sampun tampi wangsiting Allah lumantar malaekat suci, supados ngaturi rawuh panjenengan dhateng ing griyanipun saha mirengaken punapa ingkang badhe panjenengan ngandikakaken.”

23. Wong-wong mau banjur didhawuhi nginep ana ing kono.Esuke sawise wungu Rasul Petrus tumuli tindak bebarengan karo wong-wong mau sarta ana wong ing Yope sawatara kang ndherekake.

24. Esuke maneh tindake wis rawuh ing Kaisarea, Kornelius wus ngenteni lan wus ngulemi sanak sadulure lan para mitrane.

25. Bareng Rasul Petrus lumebet ing omah, Kornelius methuk kambi sumungkem ing ngarsane sarta sujud.

26. Nanging diadegake dening Rasul Petrus kalawan dipangandikani: “Kula aturi jumeneng, kula punika namung manungsa limrah.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 10