Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 3:6-24 Kitab Sutji (JAV)

6. kabeh iku nekakake bebendune Gusti Allah (marang para wong duraka).

7. Ing maune kowe iya padha nglakoni mangkono iku nalika kowe isih padha ngraketi marang iku.

8. Nanging saiki kabeh mau buwangen, yaiku nepsu, brangasan, piala, pitenah lan tembung-tembung saru kang kawetu saka cangkemmu.

9. Aja nganti kowe padha goroh-ginorohan maneh, marga kowe wus padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahe,

10. lan wus ngrasuk kamanungsan anyar kang tansah binangun, supaya oleh kawruh sanyata kang miturut citrane Kang Nitahake;

11. ing kono wus ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong ikutan, wong Barbar utawa won Skit, batur tukon utawa mardika, nanging Gusti Kristus iku kang ngabehi lan ana ing samubarang kabeh.

12. Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.

13. Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.

14. Lan kang ngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakake.

15. Muga tentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh ana ing sajroning atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Sarta saosa sokur.

16. Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.

17. Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.

18. He, para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, dikaya sapatute ana ing patunggilane Gusti.

19. He, para wong lanang, bojomu tresnanana lan aja nganti kokkasari.

20. He, bocah-bocah, padha manut-mituruta marang wong tuwamu ing sadhengah prakara, sabab iku ndadekake keparenge Gusti.

21. He, para bapa, aja nglarakake atine anakmu, supaya aja nganti semplah.

22. He, para batur, mituhua marang bandaramu kadonyan ing sadhengah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawe senenge, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,

23. lan sadhengah apa kang koktindakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa.

24. Kowe wus padha sumurup, yen Gusti bakal maringi panduman kang wus ditamtokake minangka ganjaranmu. Gusti Kristus iku bandara, lan kowe dadi abdine.

maca bab lengkap Kolose 3