Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kolose 1:15-29 Kitab Sutji (JAV)

15. Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,

16. marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;

17. Panjenengane iku anane sadurunge samubarang kabeh ana, lan samubarang kabeh iku anane ana ing Panjenengane;

18. Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu saka ing antarane wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane samubarang kabeh.

19. Marga kawontenane Allah ing sawetahe kepareng dedalem ana ing Panjenengane,

20. kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenake pirukun sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib.

21. Mangkono uga kowe kabeh kang maune urip adoh karo Gusti Allah, sajroning ati lan pikiranmu lumawan marang Panjenengane, kacihna saka panggawemu kang ala,

22. saiki wus dirukunake ana ing sarirane kadagingan Gusti Kristus sarana sedane, supaya kowe padha tinemu suci tanpa cacad lan resik anggonmu kasowanake ana ing ngarsane.

23. Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, lan wus kagelarake ana ing salumahing bumi sakurebing langit, lan aku iki, Paulus, kang wis dadi paladose.

24. Saiki aku bungah dene aku ketaman sangsara kang marga saka kowe, lan aku kang ngganepi ana ing dagingku kakuranganing sangsarane Gusti Kristus tumrap ing sarirane, yaiku pasamuwan.

25. Aku wus dadi paladose pasamuwan iku nyondhongi bubuhan kang diparingake dening Gusti Allah marang aku, yaiku nglantarake sabdane kalawan sakatoge marang kowe,

26. yaiku wewadi kang sumimpen sajroning pirang-pirang jaman lan turun-tumurun, nanging kang ing saiki wus kalairake marang para suci kagungane.

27. Iku padha diparingi sumurup sapira kaluwihaning kamulyane wewadi mau ana ing antarane para bangsa liya, yaiku: Gusti Kristus ana ing tengahmu, iya ana ing Sang Kristus iku dununge pangarep-arep marang kamulyan.

28. Iya Panjenengane iku kang dakwartakake samangsa aku padha mituturi lan mulang saben wong bab sarupane kawruh kanggo nuntun saben wong marang kasampurnan kang ana ing Gusti Kristus,

29. iku kang dakprasudi lan daktempuh kalawan sakabehing kakuwatan laras karo panguwasane Gusti kang makarya ana ing aku kalawan kuwat.

maca bab lengkap Kolose 1