Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 11:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. Awit iya marga saka pracaya iku para leluhur kita wus kaparingan paseksen.

3. Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.

4. Marga saka pracaya Habel wus nyaosake kurban marang Gusti Allah kang luwih becik katimbang kurbane Kain. Marga saka iku banjur kaseksenan manawa wong bener, amarga pisungsunge ndadekake keparenge Gusti Allah sarta jalaran saka pracaya isih bisa ngucap sawise mati.

5. Marga saka pracaya Henokh kapulung, supaya ora ngalami mati, sarta ora ketemu, jalaran wus kapulung dening Gusti Allah. Awit sadurunge kapulung, wus kaseksenan manawa ndadekake keparenging Allah.

6. Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane.

7. Marga saka pracaya Rama Nuh -- kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan -- kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.

8. Marga saka pracaya Rama Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan supaya bidhal menyang ing panggonan kang bakal ditampeni dadi pusakane, banjur bidhal mangka ora mirsa ing ngendi papan kang bakal kajujug.

9. Marga saka pracaya iku panjenengane manggen ing tanah kang kaprasetyakake kaya-kaya ana ing tanah ngamanca sarta ana ing kono panjenengane dedalem ana ing tarub karo Iskak lan Yakub, kang padha ndherek dadi ahli warise tunggal prasetya iku.

10. Jalaran panjenengane ngantos-antos kutha kang atetales, kang karancang sarta kayasa dening Gusti Allah.

maca bab lengkap Ibrani 11