Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 10 Kitab Sutji (JAV)

Pisungsung kang sampurna

10:1-18

1. Ing sajroning angger-anggering Toret iku mung kamot wewayangan bae bab karahayon kang bakal ana, sarta dudu wujuding karahayon iku dhewe. Marga saka iku kalawan kurban kang padha, kang saben taun lumintu dikurbanake, angger-anggering Toret ora bakal gawe sampurnane wong kang padha nindakake.

2. Jalaran saupama mangkono, mesthi wong-wong padha ora nyaosake kurban-maneh, sabab kang padha nindakake pangibadah iku ora ngrumangsani dosa maneh awit wis padha karesikake sapisan kanggo salawas-lawase.

3. Ananging iya malah marga saka kurban-kurban iku saben taun wong padha dielingake marang anane dosa.

4. Sabab mokal manawa getihing sapi lanang utawa getihing wedhus lanang bisa mbirat dosa.

5. Mulane nalika Panjenengane rawuh ing jagad, matur:“Kurban saha pisungsung boten Paduka karsakaken-- nanging Paduka sampun nyawisaken badan dhateng Kawula --

6. Kurban obaran saha kurban pambirating dosaboten ndadosaken kepareng Paduka.

7. Kawula lajeng munjuk:Lah punika Kawula sowan;ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipunbab Kawula supados nglampahi karsa Paduka,dhuh Gusti Allah Kawula.”

8. Sakawit Panjenengane matur: “Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami boten Paduka karsakaken sarta boten ndadosaken kepareng Paduka.” -- sanadyan kapisungsungaken manut angger-anggering Toret --.

9. Nuli matur mangkene: “Lah punika, Kawula sowan, badhe nglampahi karsa Paduka.” Sing wiwitan kasuwak dening Panjenengane, supaya kang kapindho bisa tumindak.

10. Iya marga karsane iki, kita wus disucekake sapisan kanggo salawas-lawase srana kurban sarirane Gusti Yesus Kristus.

11. Sabanjure saben imam ing sadina-dina ngimami sarta ambal-ambalan nyaosake kurban kang padha, kang babar pisan ora bisa mbirat dosa.

12. Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,

13. sarta ing samengko Panjenengane mung ngantos-antos, nganti tumeka mungsuh-mungsuhe arep kadadekake ancik-anciking sampeyane.

14. Sabab srana kurban siji bae Panjenengane wus damel sampurnane para kang kasucekake ing salawas-lawase.

15. Lan bab iku Sang Roh Suci uga maringi paseksen marang kita,

16. sabab sawuse Panjenengane ngandika:“Iki prajanjian kang bakal Sunanakake karo wong-wong iku, sawuse wektu iku,” Panjenengane banjur ngandika maneh:“Ingsun bakal maringi angger-anggeringSun ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine,

17. sarta Ingsun ora ngenget-enget maneh marang sakehing dosa lan panerake.”

18. Dadi manawa iku kabeh wus kaapura, ora prelu ana kurban maneh kang kudu kasaosake marga saka dosa.

Kaantepan

10:19-39

19. Kang iku para sadulur, srana rahe Gusti Yesus ing samengko kita bisa lumebu ing papan pasucen kanthi kebak ing kakendelan,

20. amarga Panjenengane wus ngwengani kita dalan kang anyar sarta urip metu ing gubah, yaiku sarirane piyambak,

21. lan kita duwe Imam Agung kang ngepalani padalemane Gusti Allah.

22. Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kiat wus kaedusan kanthi banyu kang resik.

23. Dikukuh anggon kita padha ngandhemi sahadating pangarep-arep, jalaran Panjenengane, kang mrasetyakake iku tuhu setya.

24. Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.

25. Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.

26. Jalaran manawa sawise tampa kawruh ing bab kayekten kita njarag gawe dosa, mesthi ora ana kurban maneh kanggo mbirat dosa iku.

27. Ananging kang ana yaiku panganti marang paukuman kang nggegirisi sarta geni kang mulad-mulad kang bakal ngobong sakehing wong kang duraka.

28. Manawa ana wong nampik angger-anggere Nabi Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksene wong loro utawa telu.

29. Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.

30. Jalaran kita sumurup marang Panjenengane kang ngandika:“Piwales iku wewenangingSun. Iya Ingsun kang bakal males.”Sarta maneh:“Pangeran bakal ngadili umate.”

31. Nggegirisi banget, manawa tumiba ing astane Gusti Allah kang asipat gesang.

32. Padha elinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawuse kowe tampa pepadhang, kowe kerep padha nandhang sangsara akeh amarga kowe betah nglakoni perjuangan kang abot,

33. iya nalika kowe padha kagawe tontonan anggonmu diwewada sarta dianiaya, iya nalika nglabuhi marang wong kang padha digawe kaya mangkono mau.

34. Kowe pancen padha mbelani nandhang sangsara marang wong kang padha dikunjara sarta nalika barang darbekmu dirampog, kowe narima kanthi bungah, amarga kowe padha sumurup, manawa kowe nduweni bandha kang luwih becik sarta kang asipat langgeng.

35. Kang iku aja padha mbuwang pracayamu, amarga bakal gedhe ganjarane.

36. Sabab kowe butuh sabar mantep, supaya sawuse kowe nglakoni karsane Gusti Allah, padha oleha apa kang wis kaprasetyakake.

37. “Amarga ora antara lawas, malah mung kurang sadhela bae,Panjenengane bakal rawuh, wus bakal ana, ora nyumenekake rawuhe.

38. Nanging wong kagunganingSun kang bener iku uripe marga saka pracaya.Dene manawa mundur, Ingsun bakal ngemohi wong iku.”

39. Balik mungguh kita iki dudu panunggalane wong-wong kang mundur sarta nemahi karusakan, nanging kang padha pracaya lan kang kapitulungan nyawane.