Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ibrani 1 Kitab Sutji (JAV)

Gusti Allah ngandika lumantar Kang Putra

1:1-4

1. Sawise nalika jaman biyen Gusti Allah ngandika marang para leluhur kita nganti marambah-rambah sarta kalawan patrap warna-warna lumantar para nabi,

2. ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.

3. Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;

4. kaluhurane banget anggone ngungkuli para malaekat, padha kaya pinunjuling asma kang wus kaparingake marang Panjenengane kang uga banget anggone ngungkuli endahing jenenge para malaekat mau.

Kaluhurane Sang Putra ngungkuli para malaekat

1:5-14

5. Sapa ta panunggalane para malaekat kang tau dipangandikani mangkene:“Sira iku PutraningSun!Sira wus Sunputrakake ing dina iki?”sarta“Ingsun bakal dadi Ramane,lan Panjenengane bakal dadi PutraningSun?”

6. Sarta nalika Panjenengane ngirid Ingkang Putra kang pembayun marang jagad, Panjenengane ngandika:“Sakehe malaekating Allah kudu nyembah marang Panjenengane.”

7. Dene tumrap para malaekat Panjenengane ngandika:“Kang ndadekake para malaekate dadi anginsarta para abdine dadi geni kang ngalad-alad.”

8. Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika:“Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”

9. “Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka,pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka kaliyan lisahing kabingahan, nglangkungi para kanthi Paduka.”

10. Lan maneh:“Dhuh Pangeran, wiwitanipun Paduka ingkang nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.

11. Sadaya punika badhe sirna, nanging Paduka tetep langgengsarta sadaya punika badhe sami luwas kados pangangge;

12. saha badhe Paduka gulung kados jubah,saha sami badhe kasantunan kados pangangge,nanging Paduka punika lestantun sami,saha taun Paduka badhe tanpa wates.”

13. Sarta endi ana malaekat kang tau didhawuhi mangkene:“Lungguha ana ing tengeningSun,nganti mungsuh-mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira?”

14. Kabeh iku apa ora padha dadi roh kang ngladeni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?