Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 5:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Marga saka Roh, lan awit saka pracaya kita nganti-anti marang kabeneran kang kita arep-arep.

6. Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.

7. Biyen anggonmu lumayu iku becik. Sapa ta kang ngalang-alangi kowe, satemah kowe banjur ora manut ing kayekten maneh?

8. Pangrimuk supaya ora manut maneh iku ora saka ing Panjenengane, kang nimbali kowe kabeh.

9. Ragi sathithik wus bisa rumasuk ing jladren kabeh.

10. Ana ing Gusti aku yakin mungguh ing kowe, manawa kowe ora nduweni pikiran liya kajaba pikiran iki. Nanging sapa kang ngisruhake kowe, iku bakal nyangga paukumane, sanadyan sapa bae wong iku.

11. Lan maneh, tumrap aku, sadulur-sadulur, manawa aku isih martakake bab tetak, geneya aku isih dikuya-kuya? Sabab yen mangkono, dadi sandhungan kang marga saka salib iku wus kasingkirake.

12. Becike wong-wong kang padha nggegerake kowe iku padha ngebiria awake pisan bae!

13. Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.

14. Sabab angger-anggering Toret kabeh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.”

15. Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes.

16. Karepku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, lan aja nuruti kapencuting daging.

17. Awit pepenginane daging iku nyulayani marang Roh lan karsane Roh iku nyulayani marang daging -- awit sakarone padha lelawanan -- temahan kowe saben-saben ora nindakake apa kang kokkarepake.

maca bab lengkap Galati 5