Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 5:12-26 Kitab Sutji (JAV)

12. Becike wong-wong kang padha nggegerake kowe iku padha ngebiria awake pisan bae!

13. Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.

14. Sabab angger-anggering Toret kabeh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.”

15. Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes.

16. Karepku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, lan aja nuruti kapencuting daging.

17. Awit pepenginane daging iku nyulayani marang Roh lan karsane Roh iku nyulayani marang daging -- awit sakarone padha lelawanan -- temahan kowe saben-saben ora nindakake apa kang kokkarepake.

18. Ananging manawa kowe padha masrahake awakmu supaya dituntun dening Roh, mesthi kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret.

19. Dene pakartine daging wus cetha: laku jina, laku rusuh, nguja hawa nepsu,

20. nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,

21. drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake -- kaya kang wus daktindakake biyen -- manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.

22. Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,

23. alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan bab-bab kang mangkono iku.

24. Lan sapa kang dadi kagungane Sang Kristus Yesus, iku wus nyalib daging dalah sakabehing hawa nepsu lan pepenginane.

25. Manawa kita urip marga saka Roh, urip kita uga katuntun dening Roh

26. lan kita aja mendem drajat, aja padha tantang-tantangan, sarta aja jejailan.

maca bab lengkap Galati 5