Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 4:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Kang dakarepake mangkene: Sajrone ahli waris durung diwasa, ora ana bedane sathithik-sathithika karo batur tukon, sanadyan ta iku kang nduweni samubarang kabeh.

2. Nanging kawengku ing emban lan pamomong nganti tumeka ing wektu kang wus ditemtokake dening bapakne.

3. Samono uga kita: Sajrone durung diwasa kita tetep kawengku uga dening para rohing jagad.

4. Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,

5. prelu nebus kabeh kang padha kawengku ing angger-anggering Toret, supaya kita bisa katrimah dadi putra.

6. Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”

7. Dadine kowe kabeh iku wus dudu batur tukon maneh, nanging putra; lan yen kowe kabeh iku putra, kowe iku uga padha dadi ahli-waris marga saka Gusti Allah.

8. Biyen , nalika kowe durung wanuh marang Gusti Allah, kowe ngawula marang allah-allah kang sejatine dudu Gusti Allah.

9. Nanging saiki sawuse kowe wanuh marang Gusti Allah, malah luwih saka iku, sawuse kowe ditepangi dening Gusti Allah, kapriye dene kowe kok mbaleni maneh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani maneh?

10. Kowe padha netepi dina-dina, sasi-sasi, mangsa-mangsa, apadene taun-taun.

11. Aku kuwatir yen kangelanku kanggo kowe iku tanpa tuwas.

maca bab lengkap Galati 4