Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 2:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhane dhewe, nanging elinga uga marang kabutuhaning liyan.

5. Ing sajrone anggonmu padha urip bebarenagn padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Sang Kristus Yesus,

6. kang sanadyan ngagem sipating Allah, ewadene anggone sajajar karo Gusti Allah iku ora kaanggep bab kang kudu dikekahi,

7. nanging malah wus nyuwungake sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa.

8. Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib.

9. Iya iku sababe Gusti Allah banget anggone banjur ngluhurake Panjenengane lan maringi asma marang Panjenengane ngungkuli sadhengahing jeneng,

10. supaya ana ing asmane Gusti Yesus kang ana ing langit lan kang ana ing bumi lan kang ana ing sangisore bumi, padha jengkenga

11. lan sakehing ilat padha ngakonana manawa “Gusi Yesus Kristus iku jumeneng Gusti”, murih kaluhuraning Gusti Allah, Sang Rama.

12. He para sadulur kang kinasih, kowe iku tansah padha mituhu, mulane padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikane aku isih ana ing tengah-tengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing wektu aku adoh karo kowe;

13. awit iya Gusti Allah kang manut sakeparenge, nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe ana ing kowe.

maca bab lengkap Filipi 2