Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 2:11-16 Kitab Sutji (JAV)

11. lan sakehing ilat padha ngakonana manawa “Gusi Yesus Kristus iku jumeneng Gusti”, murih kaluhuraning Gusti Allah, Sang Rama.

12. He para sadulur kang kinasih, kowe iku tansah padha mituhu, mulane padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikane aku isih ana ing tengah-tengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing wektu aku adoh karo kowe;

13. awit iya Gusti Allah kang manut sakeparenge, nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe ana ing kowe.

14. Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala,

15. supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,

16. kanthi ngadhemi sabdaning urip, supaya aku bisa mongkog ing dinane Sang Kristus, dene ora nglaha anggonku mbalap sarta ora nglaha anggonku kangelan.

maca bab lengkap Filipi 2