Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 1:7-20 Kitab Sutji (JAV)

7. Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.

8. Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.

9. Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhaka ing pangawruh kang bener lan ing sarupaning pangreten,

10. satemah kowe padha bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus,

11. padha kapenuhan wohing kabeneran pakaryane Gusti Yesus Kristus minangka kamulyan lan pangalembananing Allah.

12. Kang dakkarepake, para sadulur, supaya kowe padha sumurup, manawa apa kang tumiba marang aku iki, malah wus ndadekake kamajuaning Injil,

13. satemah wus cetha tumrap sakehing priyayi kraton lan wong liya-liyane kabeh, manawa aku dikunjara marga saka Sang Kristus.

14. Lan sedulur ing patunggilane Gusti kang akeh-akeh wus kadunungan pracaya marga saka anggonku dikunjara lan dadi luwih kendel sarta ora kalawan wedi anggonku ngalirake pangandikaning Gusti Allah.

15. Ana wong martakake Sang Kristus amarga drengki lan dhemen pasulayan, nanging ana uga kang ngundhangake Panjenengane kalawan sedya kang becik.

16. Wong iki padha martakake Sang Kristus marga saka tresna, awit padha ngreti, manawa aku ana ing kene prelu mbelani Injil,

17. nanging liyane marga saka kabutuhane dhewe lan ora kanthi kekarepan kang eklas, pangirane bisa ngundhakake abote kasangsaranku ana ing pakunjaran.

18. Nanging ora dadi apa, awit sanadyan ta kapriye bae Sang Kristus kawartakake, apa kanthi sedya kang ala apa kanthi jujur. Tumrap iku aku bungah. Lan aku bakal tetep bungah,

19. awit aku sumurup manawa kawusanane iki kabeh iku karahayonku sabab saka pandongamu lan pitulunganing Rohe Gusti Yesus Kristus.

20. Amarga kang banget dakpengini lan dakarep-arep, yaiku yen tumraping samubarang kabeh aku ora bakal kawirangan, nanging kayaa sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.

maca bab lengkap Filipi 1