Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 1 Kitab Sutji (JAV)

Salam

1:1-2

1. Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdine Sang Kristus Yesus marang sakehing para suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kang ana ing kutha Filipi lan para juru pamomong sarta para juru pamulasara.

2. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.

Pamuji sokur lan pandonga

1:3-11

3. Aku caos sokur marang Allahku saben-saben aku ngelingi marang kowe kabeh.

4. Lan saben aku ndongakake kowe kabeh, anggonku ndedonga tansah kalawan bungah.

5. Aku ngunjukake panuwun marang Allahku marga saka anggonmu padha tetunggalan ing bab Kabar Injil wiwit ing dina wiwitan nganti saprene.

6. Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.

7. Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.

8. Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.

9. Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhaka ing pangawruh kang bener lan ing sarupaning pangreten,

10. satemah kowe padha bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus,

11. padha kapenuhan wohing kabeneran pakaryane Gusti Yesus Kristus minangka kamulyan lan pangalembananing Allah.

Paseksene Rasul Paulus nalika ana ing pakunjaran

1:12-26

12. Kang dakkarepake, para sadulur, supaya kowe padha sumurup, manawa apa kang tumiba marang aku iki, malah wus ndadekake kamajuaning Injil,

13. satemah wus cetha tumrap sakehing priyayi kraton lan wong liya-liyane kabeh, manawa aku dikunjara marga saka Sang Kristus.

14. Lan sedulur ing patunggilane Gusti kang akeh-akeh wus kadunungan pracaya marga saka anggonku dikunjara lan dadi luwih kendel sarta ora kalawan wedi anggonku ngalirake pangandikaning Gusti Allah.

15. Ana wong martakake Sang Kristus amarga drengki lan dhemen pasulayan, nanging ana uga kang ngundhangake Panjenengane kalawan sedya kang becik.

16. Wong iki padha martakake Sang Kristus marga saka tresna, awit padha ngreti, manawa aku ana ing kene prelu mbelani Injil,

17. nanging liyane marga saka kabutuhane dhewe lan ora kanthi kekarepan kang eklas, pangirane bisa ngundhakake abote kasangsaranku ana ing pakunjaran.

18. Nanging ora dadi apa, awit sanadyan ta kapriye bae Sang Kristus kawartakake, apa kanthi sedya kang ala apa kanthi jujur. Tumrap iku aku bungah. Lan aku bakal tetep bungah,

19. awit aku sumurup manawa kawusanane iki kabeh iku karahayonku sabab saka pandongamu lan pitulunganing Rohe Gusti Yesus Kristus.

20. Amarga kang banget dakpengini lan dakarep-arep, yaiku yen tumraping samubarang kabeh aku ora bakal kawirangan, nanging kayaa sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.

21. Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan.

22. Nanging manawa aku kudu urip ana ing donya iku, iku tumraping aku ateges nyambut-gawe metokake woh. Dadi endi kang kudu dakpilih, aku ora bisa ngadhakake.

23. Aku kapetek dening rong prakara: Aku kapengin lunga lan nunggal karo Sang Kristus -- iku pancen luwih dening becik;

24. nanging urip ana ing donya iki isih luwih prelu marga saka kowe kabeh.

25. Lan ing sajroning kayakinan iki aku ngreti: aku isih bakal kasambungan umur lan urip bebarengan maneh karo kowe kabeh, supaya kowe padha sangsaya maju lan bungah-bungah ana ing sajroning pracaya,

26. temahan ana ing Sang Kristus Yesus anggonmu mongkog sangsaya mundhak marga saka aku, manawa nekani kowe maneh.

Pepeling supaya tetep mantep

1:27-30

27. Mung bae kalakuanmu kacundhukna karo Injile Sang Kristus, supaya manawa aku teka aku ndeleng, dene manawa aku ora teka aku krungu, yen kowe padha mantep atunggal roh lan saiyeg padha tumindak sakatoge kanggo iman kang tuwuh saka ing Injil

28. kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabeh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi ngalamating karusakan, nanging tumrap kowe kabeh dadi ngalamating karahayon, lan iku tekane saka Gusti Allah.

29. Amarga kowe wus padha kaparingan sih ora mung supaya pracaya marang Sang Kristus bae, nanging uga supaya nandhang sangsara kagem Panjenengane,

30. padha tarung kaya kang wus kokdeleng biyen ana ing aku, lan kang saiki kokrungu mungguh ing aku.