Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 2:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu --

6. lan ana ing Sang Kristus kita padha ditangekake lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengane ana ing swarga,

7. supaya ing jaman kang bakal kalakon Panjenengane ngatingalake marang kita anggone sugih sih-rahmat kang luber-luber cundhuk karo kasaenane marang kita ana ing Sang Kristus Yesus.

8. Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,

9. iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.

10. Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.

11. Mulane ngelingana, manawa biyen kowe -- wong-wong kang dudu wong Yahudi mungguh ing daging, kang sinebut wong-wong kang ora tetak dening wong-wong kang ngarani awake dhewe “tetak”, yaiku tetak tata lair srana tanganing manungsa, --

12. manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.

13. Nanging saiki kowe ana ing Sang Kristus Yesus, kowe kang nalika samana “adoh”, saiki wus dadi “cedhak” marga saka rohe Sang Kristus.

maca bab lengkap Efesus 2