Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 2:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Nanging Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhening katresnan kang kaluberake marang kita,

5. wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu --

6. lan ana ing Sang Kristus kita padha ditangekake lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengane ana ing swarga,

7. supaya ing jaman kang bakal kalakon Panjenengane ngatingalake marang kita anggone sugih sih-rahmat kang luber-luber cundhuk karo kasaenane marang kita ana ing Sang Kristus Yesus.

8. Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,

9. iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.

10. Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.

11. Mulane ngelingana, manawa biyen kowe -- wong-wong kang dudu wong Yahudi mungguh ing daging, kang sinebut wong-wong kang ora tetak dening wong-wong kang ngarani awake dhewe “tetak”, yaiku tetak tata lair srana tanganing manungsa, --

12. manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.

13. Nanging saiki kowe ana ing Sang Kristus Yesus, kowe kang nalika samana “adoh”, saiki wus dadi “cedhak” marga saka rohe Sang Kristus.

14. Marga iya Panjenengane iku tentrem-rahayu kita, kang wus manunggalake sakaro-karone dadi siji lan kang wus ngrubuhake tembok singgetan, yaiku sesatron,

15. awit Panjenengane wus mbatalake angger-anggering Toret dalasan sakabehing pepakon lan katamtuan-katamtuan, supaya sakaro-karone dadi manungsa anyar siji ana ing panjenengane lan kalawan mangkono iku banjur nganakake tentrem-rahayu,

maca bab lengkap Efesus 2