Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 1:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. minangka pacawisan ganeping wektu manunggaling sakabehe ana ing Sang Kristus kang dadi sesirahing sakabehe iku mau iya kang ana ing swarga iya kang ana ing bumi.

11. Daktembungake “ing Sang Kristus”, awit iya ana ing Panjenengane iku aku kabeh padha oleh panduman kang dijanjekake -- aku kang saka wiwitan padha katemtokake tampa panduman iku cundhuk karo karsaning Allah, kang ing samubarang kabeh makarya manut putusaning karsane --

12. supaya aku kang sadurunge wus padha duwe pangarep-arep tumrap Sang Kristus, kepareng dadi srana panggunggunging kaluhurane.

13. Ana ing Panjenengane kowe kabeh, -- awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon -- iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.

14. Dene Roh Suci iku kang dadi tanggunganing bagean kita nganti kita padha tampa sakabehe, yaiku tetebusan kang minangka srananing kita dadi kagungane Gusti Allah, supaya pinujia kaluhurane.

15. Mulane, aku iki sawuse krungu warta bab pracayamu marang Gusti Yesus lan bab tresnamu marang sakehe para suci,

16. ora kendhat anggonku caos sokur marga saka kowe kabeh. Lan aku tansah ngelingi kowe sajroning pandongaku,

17. supaya Allahe Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Sang Rama kang asipat mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowe satemah kowe banjur wanuh marang Panjenengane kanthi sabenere.

18. Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci,

19. lan iba gunge panguwaose tumrap kita, kang pracaya, cundhuk karo dayaning panguwaose

20. kang katindakake ana ing Sang Kristus kalawan anggone ngwungokake saka antarane wong mati lan nglenggahake ing swarga ana ing sisih tengene,

21. banget anggone ngungkuli luhure sakehing pamarentah lan panguwasa sarta pamisesa tuwin karajan lan sadhengaha jeneng kang kena sinebut, ora ngamungake ana ing donya iki bae, nanging uga ing jaman kang bakal kalakon.

22. Karodene samubarang kabeh wus tinata ing sangisore sampeyane Sang Kristus lan Panjenengane wus kaparingake marang pasamuwan minangka Sesirahing samubarang kang ana.

maca bab lengkap Efesus 1