Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 1:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, rasule Sang Kristus Yesus awit saka karsane Gusti Allah, marang para suci ing kutha Efesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Sang Kristus Yesus.

2. Sih-rahmate lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.

3. Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.

4. Awit sadurunge jagad katitahake iya ana ing Panjenengane iku Gusti Allah wus milihi kita, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsane.

5. Marga saka sih-mirmane saka ing wiwitan mula Panjenengane wus kepareng netepake kita kaangkat dadi para putrane marga saka Gusti Yesus Kristus, ing sakeparenge karsane,

6. supaya pinujia sih-rahmate kang luhur, kang kaparingake marang kita ana ing Panjenengane kang kinasih.

7. Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,

8. kang wus diluberake marang kita kalawan sagunging kawicaksanan lan pangreten.

9. Marga Panjenengane wus medharake wewadining karsane marang kita, manut karo rancangan-palimirmane, yaiku rancangan-palimirma kang wiwit sakawit wus ditetepake ana ing Sang Kristus,

10. minangka pacawisan ganeping wektu manunggaling sakabehe ana ing Sang Kristus kang dadi sesirahing sakabehe iku mau iya kang ana ing swarga iya kang ana ing bumi.

11. Daktembungake “ing Sang Kristus”, awit iya ana ing Panjenengane iku aku kabeh padha oleh panduman kang dijanjekake -- aku kang saka wiwitan padha katemtokake tampa panduman iku cundhuk karo karsaning Allah, kang ing samubarang kabeh makarya manut putusaning karsane --

maca bab lengkap Efesus 1