Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Timoteus 4:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. Dene mungguh aku iki, getihku wus wiwit kaesokake minangka pisungsung sarta wektu anggonku bakal ngajal wus cedhak.

7. Aku wus mungkasi tetandhingan kang utama, aku wus nyandhak garis wekasan, aku wus ngantepi ing pracaya.

8. Saiki aku wus ginantungan makuthaning kayekten, kang bakal kaparingake marang aku dening Gusti, Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur ora mung marang aku bae, nanging uga marang sakehing wong kang padha cecengklungen marang rawuhe.

9. Udinen supaya kowe enggal bisa nekani aku,

10. awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.

11. Mung Lukas sing isih tetunggalan karo aku. Markus pethuken lan ajaken mrene, awit anggone leladi wigati tumrap aku.

12. Tikhikus wis dakkon menyang Efesus.

13. Yen kowe mrene, jubah kang daktinggal ana ing kutha Troas ana ing omahe Karpus, cangkingen lan uga buku-bukuku, kang prelu dhewe perkamen kae.

14. Aleksander tukang tembaga kae wis nindakake piala akeh marang aku. Iku bakal diwales dening Gusti manut panggawene.

15. Kowe uga sing waspada marang wong iku, awit banget anggone merangi piwulang kita.

16. Nalika aku ngunjukake panjawab kang kawitan, ora ana wong siji-sijia kang mbiyantu aku, kabeh padha ninggal aku -- iku muga aja ditempuhake marang wong-wong mau --

17. nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.

maca bab lengkap 2 Timoteus 4