Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Timoteus 2:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Apa kang dikandhakake iku gatekna; Gusti bakal paring pangreten bab samubarang kabeh marang kowe.

8. Elinga bab iki: Gusti Yesus Kristus, kang wus wungu saka ing antarane wong mati, kang wus miyos dadi tedhake Sang Prabu Dawud, yaiku kang dakundhangake ana ing Injilku.

9. Iya marga saka pangundhanging Injil iku aku banjur nandhang sangsara, malah nganti dibanda kayadene durjana, nanging pangandikaning Allah ora bisa kabanda.

10. Mulane aku nglakoni iku kabeh kalawan sabar kanggo para pepilihane Gusti Allah, supaya iku iya padha oleh karahayon ana ing Sang Kristus Yesus kalawan kamulyan kang langgeng.

11. Iki tetembungan kang bener:“Manawa kita ndherek Panjenengane seda,iya ndherek Panjenengane gesang;

12. manawa kita nahanakeiya bakal ndherek Panjenengane ngereh;manawa kita nyelaki Panjenenganeiya bakal diselaki Panjenengane;

13. manawa kita ora setya, Panjenengane tetep setya,awit Panjenengane ora bisa nyelaki sarirane piyambak.”

14. Wong-wong padha elingna lan pituturana ing bab iku kabeh kalawan temenan ana ing ngarsaning Allah, supaya aja padha mbulat-mbulet rembuge, amarga iku ora ana gunane babar pisan, malah ngisruhake kang padha ngrungokake.

15. Udinen, supaya kowe pantes ana ing ngarsaning Allah anggonmu dadi juru leladi kang ora usah isin, kang ngundhangake pangandikaning kayekten iku kalawan tanpa tedheng aling-aling.

16. Nanging omong-omong kang tanpa isi kang ora suci kang mung nambahi kalamisan iku singkirana.

17. Tembung-tembunge wong-wong kang mangkono iku nular kaya lelara kangker. Panunggalane wong iku yaiku Himeneus lan Filetus,

18. kang wus nyimpang saka ing kayekten kalawan anggone mulangake, yen kita wus katangekake sarta marga saka iku banjur gawe rusaking pracayane wong sawatara.

maca bab lengkap 2 Timoteus 2