Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Timoteus 1:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Iya marga saka iku kowe dakelingake supaya kowe nggrengsengake sih-peparinging Allah kang ana ing kowe sarana daktumpangi tanganku.

7. Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.

8. Mulane aja isin nglairake paseksen bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengane, nanging melua nandhang sangsara kanggo Injile, kalawan kakuwataning Allah,

9. kang paring karahayon marang kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawe kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmate piyambak, kang wus kaparingake marang kita ing sajroning Sang Kristus Yesus ing sadurunge purwaning jaman.

10. Sarta kang saiki kawujudake ana ing rawuhe Sang Juruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus kang wus nyirnakake pati sarta nggiyarake urip kang ora bisa rusak.

11. Iya Injil iki kang netepake aku dadi juru pawarta, dadi rasul lan dadi guru.

12. Iya iku kang njalari aku nandhang sangsara iki kabeh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakandelake sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakake marang aku nganti tumeka ing Dinaning Pangeran.

maca bab lengkap 2 Timoteus 1