Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Timoteus 1:14-18 Kitab Sutji (JAV)

14. Rajabrana kang endah, kang wus dipitayakake dening Panjenengane marang kita iku reksanen kalawan Roh Suci, kang dedalem ana ing kita.

15. Kowe wis sumurup, manawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik iku padha nyingkur marang aku; kalebu Figelus lan Hermogenes.

16. Muga Gusti karsaa paring sih-rahmate marang brayat Onesiforus, kang wus bola-bali gawe segering atiku. Dheweke ora isin niliki aku menyang ing pakunjaran.

17. Nalika ana ing kutha Rum, dheweke ngudi nggoleki aku lan iya wis bisa ketemu karo aku.

18. Muga Gusti karsa maringake sih-rahmate marang dheweke mbesuk ing dinane. Kaya apa anggone leladi ana ing Efesus iku kowe luwih mangreti tinimbang aku.

maca bab lengkap 2 Timoteus 1