Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Tesalonika 3:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sabanjure, para sadulur, aku kabeh padha dongakna, supaya pangandikane Gusti saya maju lan diluhurake, padha kayadene kang wus kalakon ana ing antaramu,

2. lan supaya aku padha uwal saka para wong kang gawe rusuh lan para wong ala. Sabab ora kabeh wong kadunungan pracaya.

3. Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakal nyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabeh saka ing piala.

4. Anadene aku kabeh padha pracaya ana ing Gusti, yen apa kang wus padha dakpituturake marang kowe, iku padha koklakoni lan bakal koklakoni.

5. Muga Gusti lestari madhepake atimu marang katresnaning Allah lan marang kamantepaning Sang Kristus.

6. Nanging welingku kabeh marang kowe, para sadulur, atas asmane Gusti Yesus Kristus, padha sumingkira saka sedhengah sadulur kang ora nindakake kawajibane lan kang ora manut marang piwulang kang wus dakwenehake marang kowe.

7. Sabab kowe dhewe padha sumurup, kapriye anggonmu kudu padha nulad marang aku kabeh, amarga aku padha ora nglirwakake pagawean ana ing antaramu

maca bab lengkap 2 Tesalonika 3