Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 8:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Sadulur-sadulur, aku padha aweh weruh marang kowe bab sih-rahmat kang kaparingake marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Makedhonia.

2. Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang awujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahane ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, ewasamono ngluberake kasugihaning kamurahane.

3. Sabab aku nyumurupi yen wong iku wus padha weweh manut kakuwatane, malah ngluwihi kakuwatane.

4. Sarta metu saka prentuling atine dhewe padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya dakolehake melu ing ayahan ngladeni marang para suci.

5. Dene kang padha dipasrahake iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosake awake dhewe marang Gusti Allah dhisik, sabanjure iya marang aku kabeh uga awit saka karsane Gusti Allah.

6. Awit saka iku aku ngatag marang Titus, supaya nekani kowe lan ngrampungake ayahan katresnan, kang biyen wus diwiwiti iku.

7. Mula saikine, padha kaya anggonmu wus sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabeh -- samono uga kowe iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.

8. Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.

9. Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.

10. Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang bokmanawa maedahi tumrap kowe. Pancen wus wiwit taun kang kapungkur anggonmu wiwit nindakake lan sumedya ngrampungake uga.

11. Mulane saiki, rampungna kang koktindakake iku! Wondene anggonmu ngrampungake iku cundhukna karo eklasing atimu sarta tindakna kalawan ngelingi sapira kang kokduweni.

12. Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.

13. Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya padha kaenthengna, nanging supaya dadia timbang.

14. Mulane becike saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang.

maca bab lengkap 2 Korinta 8