Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 7:13-16 Kitab Sutji (JAV)

13. Iya marga saka iku aku padha kalipur.Lan kajaba saka panglipur iku, aku padha saya bungah maneh amarga saka kabungahane Titus, sabab kowe kabeh wus padha ngayemake atine.

14. Sabab manawa aku nglairake pangalembana tumrap kowe marang Titus iku kowe ora gawe gelaku; nanging padha kaya anggonku tansah ngandhakake apa kang bener marang kowe, samono uga pangalembanaku ana ing ngarepe Titus iku iya wus kayektenan temenan.

15. Lan katresnane marang kowe saya mundhak gedhe, yen ngelingi marang pamanutmu kabeh, kapriye anggonmu nampani tekane kalawan wedi lan geter.

16. Aku bungah banget, dene aku bisa kumandel marang kowe ing samubarang prakara.

maca bab lengkap 2 Korinta 7