Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 3:12-18 Kitab Sutji (JAV)

12. Sarehne aku padha duwe pangarep-arep kang kaya mangkono, mulane aku padha tumindak kanthi kebak ing kakendelan,

13. ora kaya Nabi Musa, kang nganggo nutupi wedanane, supaya mripate wong-wong Israel aja nganti padha ndeleng ilanging cahyane kang mung sadhela anane iku.

14. Nanging budine wong-wong iku wus padha dadi kethul, sabab nganti ing dina iki tutup iku mau isih tetep nutupi wong-wong mau, pamacaning prajanjian lawas tanpa kaungkapan, marga mung Sang Kristus piyambak kang bisa ngicali tutup iku.

15. Malah nganti ing dina iki, saben maca kitab Musa, isih ana tutup kang nutupi atine.

16. Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupe banjur kasingkirake.

17. Awit Gusti iku Sang Roh; lan ing ngendi ana Rohing Allah ing kono ana kamardikan.

18. Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.

maca bab lengkap 2 Korinta 3