Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 13:9-13 Kitab Sutji (JAV)

9. Awit aku padha bungah, manawa aku apes lan kowe padha rosa. Dene kang padha daksuwun, yaiku supaya kowe dadi sampurna.

10. Yaiku sababe anggonku sapisan iki nulis saka ing kadohan, supaya manawa aku mengko ana ing antaramu, aku ora kapeksa tumindak kereng miturut wewenang kang kaparingake dening Gusti marang aku, kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak.

11. Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!

12. Padha sesalamana kalawan pangambung suci. Sakehe para suci kirim salam marang kowe kabeh.

13. Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, lan sihe Gusti Allah tuwin patunggilane Sang Roh Suci, anaa ing kowe kabeh!

maca bab lengkap 2 Korinta 13