Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 11:17-33 Kitab Sutji (JAV)

17. Apa kang dakkandhakake, iku anggonku ngandhakake ora kaya wong kang calathu manut pangandikaning Allah, nanging kayadene wong kang tanpa budi, kang nduweni kayektenan manawa bisa ngalembana.

18. Awit akeh wong kang nglairake panggunggung cara kadagingan, aku kapengin ngalembana uga.

19. Sabab kowe padha gelem nyabari wong kang tanpa budi, marga kowe iku padha pinter.

20. Awit kowe sabar, manawa ana wong nganggep kowe batur tukon, manawa ana wong meres kowe, manawa ana wong ngereh kowe, manawa ana wong ngetokake gumunggunge marang kowe, manawa ana wong napuk kowe.

21. Aku kudu ngakoni kalawan isin banget, yen ing bab kang kaya mangkono iku aku kabeh padha apes.Sanadyan mangkono manawa ana wong kang wani ngegung-egungake sawijining prakara -- calathuku iki ing sajroning kabodhoanku -- aku iya wani uga!

22. Apa wong-wong iku wong Ibrani? Aku iya wong Ibrani! Apa wong-wong iku wong Israel! Aku iya wong Israel! Apa wong-wong iku trahe Rama Abraham? Aku iya trahe Rama Abraham!

23. Apa wong-wong iku abdine Sang Kristus? -- calathuku iki kaya wong gemblung -- aku luwih maneh!

24. Aku digebugi dening wong Yahudi kaping patang puluh kurang siji nganti ambal kaping lima,

25. aku disapu ambal kaping telu, aku dibenturi watu apisan, kaping telu aku nunggang prau kerem, sadina sawengi aku kompal-kampul ana ing tengah sagara.

26. Lakuku kerep diancam ing bebaya banjir lan ing bebaya begal, bebaya saka wong Yahudi lan saka wong-wong kang dudu wong Yahudi, bebaya ana ing kutha, bebaya ana ing pasamunan, bebaya ana ing tengah sagara, lan bebaya saka kang padha mindha-mindha sadulur.

27. Aku kerep rekasa lan nyambut gawe abot; aku kerep melek; luwe lan ngelak, aku kerep pasa, katisen lan kawudan

28. lan ora susah nyebutake prakara liyane maneh, urusanku sadina-dina, yaiku ngopeni pasamuwan kabeh.

29. Yen ana wong rumangsa apes, apa aku ora rumangsa melu apes? Yen ana wong kesandhung, apa atiku ora remuk dening sedhih?

30. Manawa ana prelune aku kudu gumunggung, aku bakal gumunggung ing bab kaapesanku.

31. Gusti Allah Ramane Gusti Yesus, Gusti kita, kang pinuji nganti salawas-lawase, pirsa, manawa aku oar goroh.

32. Ana ing kutha Damsyik wali-nagarane Sang Prabu Aretas ndhawuhake njaga kuthane wong-wong Damsyik, karsane nyepeng aku.

33. Nanging aku kaudhunake nganggo kranjang metu ing cendhela, menyang sajabane baluwarti, temah aku oncat saka ing astane.

maca bab lengkap 2 Korinta 11