Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 11 Kitab Sutji (JAV)

1. Iba becike yen kowe padha sabar ing bab anggonku tanpa budi ing sawatara iku. Pancen kowe padha nyabari marang aku!

2. Sabab aku butarepan ing ngatase kowe kalawan butajenganing Allah. Awit kowe wus padha dakpacangake karo wong lanang, kang nuntun kowe kayadene prawan suci marang Sang Kristus.

3. Nanging aku sumelang bokmanawa angen-angenmu kasasarke saka kasetyanmu kang sejati marang Sang Kristus, padha kaya Ibu Kawa kablithuk dening ula sarana kajuligane.

4. Awit kowe mung sabar bae yen ana wong teka martakake Gusti Yesus kang beda karo apa kang wus dakwartakake, utawa aweh roh kang beda karo kang wus koktampani utawa Injil kang beda karo kang wus koktampani.

5. Nanging manut panemuku sathithik bae aku ora kalah karo rasul-rasul kang pinunjul iku.

6. Dadia aku cupet ing pamicara, nanging ora mangkono ing bab kawruh, awit iku saben-saben lan ing sadhengaha prakara wus padha dakpratelakake marang kowe.

Rasul Paulus ora nggalih marang sarirane piyambak

11:7-33

7. Apa aku kaluputan manawa aku ngasorake awakku dhewe kanggo ngluhurake kowe, marga aku martakake Injile Gusti Allah marang kowe tanpa pituwas?

8. Pasamuwan-pasamuwan liya wus dakrampog srana nampani pitulunge, supaya aku bisa ngladeni kowe!

9. Karomaneh nalika aku ana ing tengah-tengahmu nandhang kakurangan, aku ora gawe rubeding wong, awit apa kang kurang wus dicukupi dening para sadulur kang teka saka ing tanah Makedhonia. Ing samubarang prakara dakjaga aja nganti dadi gawemu, lan sateruse aku bakal mangkono.

10. Demi kaleresane Sang Kristus kang ana ing aku, dakantebake kandhaku manawa panggunggungku iku ora bakal kaalang-alangan dening wong ana ing tlatah-tlatah Akhaya.

11. Sababe apa ora? Apa marga aku wus ora tresna marang kowe? Gusti Allah kang nguningani.

12. Nanging apa kang daktindakake bakal dakterusake kanggo nyegah marang wong kang padha golek jalaran kanggo nuduhake, yen padha kaya aku sakanca ing sajroning prakara kang bisa diegung-egungake.

13. Awit wong-wong kang mangkono iku rasul-rasul palsu, wong kang padha tumindak cidra, kang rewa-rewa dadi rasule Sang Kristus.

14. Prakara iku ora nggumunake, sabab Iblis uga mindha-mindha dadi malaekating Pepadhang.

15. Dadi dudu prakara kang aneh, manawa batur-bature uga mindha-mindha dadi abdi-abdine kabeneran. Kawusanane bakal cundhuk karo panggawene.

16. Dakbaleni maneh: aja ana wong kang ngarani aku tanpa budi. Dene manawa kowe uga nganggep mangkono, aku tampanana kayadene wong kang tanpa budi, supaya aku bisa gumunggung sawatara.

17. Apa kang dakkandhakake, iku anggonku ngandhakake ora kaya wong kang calathu manut pangandikaning Allah, nanging kayadene wong kang tanpa budi, kang nduweni kayektenan manawa bisa ngalembana.

18. Awit akeh wong kang nglairake panggunggung cara kadagingan, aku kapengin ngalembana uga.

19. Sabab kowe padha gelem nyabari wong kang tanpa budi, marga kowe iku padha pinter.

20. Awit kowe sabar, manawa ana wong nganggep kowe batur tukon, manawa ana wong meres kowe, manawa ana wong ngereh kowe, manawa ana wong ngetokake gumunggunge marang kowe, manawa ana wong napuk kowe.

21. Aku kudu ngakoni kalawan isin banget, yen ing bab kang kaya mangkono iku aku kabeh padha apes.Sanadyan mangkono manawa ana wong kang wani ngegung-egungake sawijining prakara -- calathuku iki ing sajroning kabodhoanku -- aku iya wani uga!

22. Apa wong-wong iku wong Ibrani? Aku iya wong Ibrani! Apa wong-wong iku wong Israel! Aku iya wong Israel! Apa wong-wong iku trahe Rama Abraham? Aku iya trahe Rama Abraham!

23. Apa wong-wong iku abdine Sang Kristus? -- calathuku iki kaya wong gemblung -- aku luwih maneh!

24. Aku digebugi dening wong Yahudi kaping patang puluh kurang siji nganti ambal kaping lima,

25. aku disapu ambal kaping telu, aku dibenturi watu apisan, kaping telu aku nunggang prau kerem, sadina sawengi aku kompal-kampul ana ing tengah sagara.

26. Lakuku kerep diancam ing bebaya banjir lan ing bebaya begal, bebaya saka wong Yahudi lan saka wong-wong kang dudu wong Yahudi, bebaya ana ing kutha, bebaya ana ing pasamunan, bebaya ana ing tengah sagara, lan bebaya saka kang padha mindha-mindha sadulur.

27. Aku kerep rekasa lan nyambut gawe abot; aku kerep melek; luwe lan ngelak, aku kerep pasa, katisen lan kawudan

28. lan ora susah nyebutake prakara liyane maneh, urusanku sadina-dina, yaiku ngopeni pasamuwan kabeh.

29. Yen ana wong rumangsa apes, apa aku ora rumangsa melu apes? Yen ana wong kesandhung, apa atiku ora remuk dening sedhih?

30. Manawa ana prelune aku kudu gumunggung, aku bakal gumunggung ing bab kaapesanku.

31. Gusti Allah Ramane Gusti Yesus, Gusti kita, kang pinuji nganti salawas-lawase, pirsa, manawa aku oar goroh.

32. Ana ing kutha Damsyik wali-nagarane Sang Prabu Aretas ndhawuhake njaga kuthane wong-wong Damsyik, karsane nyepeng aku.

33. Nanging aku kaudhunake nganggo kranjang metu ing cendhela, menyang sajabane baluwarti, temah aku oncat saka ing astane.