Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 10:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Malah yen aku rada keladuk anggonku ngegungake wewenang kang diparingake dening Gusti marang aku kabeh kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak kowe, aku ora bakal wirang.

9. Nanging aku emoh yen katone kaya-kaya aku arep medeni kowe srana layang-layangku.

10. Awit, guneme wong, layang-layange pancen anteb lan keras, nanging yen adu-arep katon ora sapiraa lan tembung-tembunge remeh.

11. Nanging wong kang kandha mangkono iku kudune mangreti manawa anggonku tumindak samasa adu-arep, padha bae karo tembung-tembungku ing layang-layangku, samasa aku ora adu-arep.

12. Pancen aku padha ora wani nggolongake utawa nandhing awakku karo wong-wong kang ngalem awake dhewe. Wong iku ngukur awake nganggo ukurane dhewe lan nandhing awake mung karo awake dhewe. Bodho banget wong iku!

13. Kosokbaline aku padha ora gelem ngegungake dhiri nganti ngluwihi wates, nanging mung tetep ing sajroning watesing ayahan kang wus katetepake dening Gusti Allah kanggo aku kabeh, nganti tekan ing kowe uga.

14. Sabab anggonku martakake Injile Sang Kristus wus tekan ing panggonanmu, dadine aku ora ngliwati watese wilayahing pagaweanku kaya-kaya durung tekan ing panggonanmu.

15. Aku ora padha ngegungake pagawean kang dilakoni dening wong liya, ana ing wilayah pagawean kang ora kanggo aku, nanging pangarep-arepku, manawa pracayamu saya mundhak, aku bakal oleh pakurmatan luwih gedhe maneh ana ing antaramu, yen katandhing karo wilayah pagawean kang katemtokake kanggo aku.

16. Iya, uripku iki pancen supaya padha bisa martakake Injil menyang ing laladan kang luwih adoh katimbang karo laladanmu, lan ora ngegung-egungake wohing pagawean kang wus katindakake dening liyan ana ing wilayahe kono dhewe.

17. “Nanging sapa kang ngegung-egungake, iku ngegungna ing Pangeran.”

maca bab lengkap 2 Korinta 10