Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 10 Kitab Sutji (JAV)

Rasul Paulus ngekahi wewenanging karasulane

10:1-11

1. Aku Paulus, wong kang ora wani apa-apa yen adu-arep karo kowe, nanging wani marang kowe yen adoh, aku ngelingake kowe demi Sang Kristus kang alus panggalihe lan rumaket.

2. Panjalukku marang kowe: kowe aja meksa aku ngatonake kuwanenku ana ing ngarepmu kayadene niyatku arep tumindak keras marang wong-wong saweneh kang ngira manawa uripku iku padha nurut kadagingan.

3. Aku kabeh iki pancen isih urip ana ing donya, nanging aku ora padha perang cara kadonyan,

4. awit gegamaning perangku iku dudu gegaman kadonyan, nanging gegaman kang kadunungan panguwaosing Allah, kang bisa njugrugake baluwarti.

5. Aku padha nyirnakake othak-athiking budi lan saben tanggul kang diedegake dening kumalungkunging manungsa kanggo ngalang-alangi pangawruh marang Allah, sarta padha mbandhangi sarupaning pangangen-angen, daktelukake marang Sang Kristus,

6. apamaneh aku padha rumanti bakal ngukum sakehing duraka, manawa pamanutmu wus dadi sampurna.

7. Sawangen kang temenan apa kang katon! Yen ana wong kang yakin temenan, manawa dadi kagungane Sang Kristus, iku supaya mikir ing sajroning atine, yen aku uga padha dadi kagungane Sang Kristus kaya dheweke.

8. Malah yen aku rada keladuk anggonku ngegungake wewenang kang diparingake dening Gusti marang aku kabeh kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak kowe, aku ora bakal wirang.

9. Nanging aku emoh yen katone kaya-kaya aku arep medeni kowe srana layang-layangku.

10. Awit, guneme wong, layang-layange pancen anteb lan keras, nanging yen adu-arep katon ora sapiraa lan tembung-tembunge remeh.

11. Nanging wong kang kandha mangkono iku kudune mangreti manawa anggonku tumindak samasa adu-arep, padha bae karo tembung-tembungku ing layang-layangku, samasa aku ora adu-arep.

Pamanggihe Rasul Paulus tumrap sarirane piyambak

10:12--11:6

12. Pancen aku padha ora wani nggolongake utawa nandhing awakku karo wong-wong kang ngalem awake dhewe. Wong iku ngukur awake nganggo ukurane dhewe lan nandhing awake mung karo awake dhewe. Bodho banget wong iku!

13. Kosokbaline aku padha ora gelem ngegungake dhiri nganti ngluwihi wates, nanging mung tetep ing sajroning watesing ayahan kang wus katetepake dening Gusti Allah kanggo aku kabeh, nganti tekan ing kowe uga.

14. Sabab anggonku martakake Injile Sang Kristus wus tekan ing panggonanmu, dadine aku ora ngliwati watese wilayahing pagaweanku kaya-kaya durung tekan ing panggonanmu.

15. Aku ora padha ngegungake pagawean kang dilakoni dening wong liya, ana ing wilayah pagawean kang ora kanggo aku, nanging pangarep-arepku, manawa pracayamu saya mundhak, aku bakal oleh pakurmatan luwih gedhe maneh ana ing antaramu, yen katandhing karo wilayah pagawean kang katemtokake kanggo aku.

16. Iya, uripku iki pancen supaya padha bisa martakake Injil menyang ing laladan kang luwih adoh katimbang karo laladanmu, lan ora ngegung-egungake wohing pagawean kang wus katindakake dening liyan ana ing wilayahe kono dhewe.

17. “Nanging sapa kang ngegung-egungake, iku ngegungna ing Pangeran.”

18. Awit dudu wong kang ngalem awake dhewe kang tanggon, nanging wong kang dialem dening Pangeran.