Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 5 Kitab Sutji (JAV)

Pracaya iku ngasorake donya

5:1-5

1. Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kan diputrakake.

2. Anggon kita padha nresnani para putraning Allah, iku titikane yaiku manawa kita padha tresna marang Gusti Allah lan netepi ing pepakone.

3. Amarga katresnan marang Gusti Allah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot,

4. amarga sadhengah apa kang laire saka ing Allah iku ngalahake jagad. Anadene kaunggulan kang ngalahake jagad iku yaiku pracaya kita.

5. Sapa ta kang ngalahake jagad, kajaba wong kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Putrane Gusti Allah?

Paseksen bab Putraning Allah

5:6-12

6. Iya iki kang rawuhe sarana banyu lan getih, yaiku Gusti Yesus Kristus, ora mung kalawan banyu bae, nanging kalawan banyu lan getih. Dene Roh iku kang paring paseksen, amarga Roh iku kayekten.

7. Awit ana telu kang padha jumeneng dadi seksi (ana ing swarga: Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta katelune iku dadi siji.

8. Lan uga ana telu kang dadi seksi ana ing bumi). Roh, banyu lan getih lan telu-telune iku padha dadi siji.

9. Manawa kita padha nganggep marang paseksene manungsa, paseksene Gusti Allah iku ngluwihi, amarga iya mangkono iku paseksene Gusti Allah, kang diparingake ing ngatase Kang Putra.

10. Sapa kang pracaya marang Putraning Allah, iku nduweni paseksen mangkono ana ing batine. Sapa kang ora pracaya marang Gusti Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel marang paseksen kang wus dilairake dening Gusti Allah bab ing ngatase Kang Putra.

11. Anadene kang dadi paseksene: Kita wus padha kaparingan urip langgeng dening Gusti Allah, lan urip iku dumunung ana ing Kang Putra.

12. Sapa kang nduweni Sang Putra, iku nduweni urip. Sapa kang ora nduweni Putraning Allah, iku ora nduweni urip.

Kawruh bab urip langgeng

5:13-21

13. Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.

14. Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.

15. Mangka manawa kita padha sumurup yen Gusti Allah nyembadani marang panyuwun kita tumrap apa bae, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.

16. Manawa ana wong kang weruh sadulure nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakake pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengane bakal maringi urip marang dheweke, yaiku kang padha gawe dosa kang ora nekakake pati. Ana dosa kang nekakake pati: yen tumrap iku, aku ora akon ndongakake.

17. Sakabehing piala iku dosa, nanging ana dosa kang ora nekakake pati.

18. Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.

19. Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila.

20. Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.

21. He, anak-anakku, sing padha waspada marang sakehe brahala.