Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 2:20-29 Kitab Sutji (JAV)

20. Balik kowe iku wus padha kajebadan dening Kang Suci, marga saka mangkono kowe padha nyumurupi samubarang.

21. Anggonku nulis layang marang kowe, iku ora marga kowe ora sumurup ing kayekten, nanging malah marga kowe sumurup marang bab iku lan marga saka kowe wus padha nyumurupi uga, yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten.

22. Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa dudu kang nyelaki yen Gusti Yesus iku Sang Kristus? Yaiku si Anti-Kristus, kang nyelaki marang Sang Rama lan Sang Putra.

23. Amarga wong kang nyelaki marang Sang Putra iku iya ora nduweni Sang Rama. Kang ngakoni marang Sang Putra, iya nduweni Sang Rama.

24. Anadene mungguh kowe iku, apa kang wus padha kokrungu ing wiwitan mula, iku tetepa ana ing kowe. Manawa apa kang wus kokrungu ing wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowe, dadi kowe iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama.

25. Anadene prasetya kang diprasetyakake dening Panjenengane piyambak marang kita iya iku urip langgeng.

26. Kabeh iki anggonku nulis marang kowe bab wong-wong kang sumedya nasarake kowe.

27. Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang -- lan piwulange iku nyata, ora goroh -- lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.

28. Anadene ing samengko, he, anak-anakku, padha tetepa ana ing Panjenengane, supaya samasa Panjenengane ngatingal, kita padha tatag ing pracaya lan ora usah isin ana ing ngarsane besuk ing dina rawuhe.

29. Manawa kowe padha sumurup yen Panjenengane iku sampurna, iya ngawruhana yen saben wong kang nglakoni ing kasampurnan, iku laire saka ing Panjenengane.

maca bab lengkap 1 Yokanan 2